I. Pilihen salah siji wangsulan kang kokanggep bener, kanthi nyorek (X) ana ing wangsulan kang kokanggep bener!
1.
Pawarta kang
ditujokake kanggo umum, kang surasane menehi pangreten tumrap sawijining
prastawa diarani ….
a. Layang
d. selebaran
b. wara-wara
e. sedhahan
c.
majalah
2.
Wara-wara kang
surasane bela sungkawa diarani ….
a. Brosur
d.
iklan
b. Majalah
e.
sayembara
c.
Lelayu
3.
Wara-wara kang
surasane nawakake sawijining barang utawa papan diarani ….
a. Brosur
d.
iklan
b. Majalah
e. sayembara
c.
Lelayu
4.
Wara-wara kang
surasane andon kewasisan, cangkriman utawa pitakonan diarani …
a. Brosur
d.
iklan
b. Majalah
e. sayembara
c.
Lelayu
5.
Perangan kang kudu ana ing sajroning panulise wara-wara kajaba …
a. titi
mangsa
d. purwaka basa
b. peprenahan e. satata basa
c.
surasa basa
Diajari korupsi
Sawijining dina, Glendhoh mertamu ing
omahe Klithuk, kanca lawas jaman isih sekolah SMA mbiyen. Pawakane Klithuk isih
ajeg kuru kaya ndek jaman mbiyen. Glendhoh dhewe saiki lemu ginuk-ginuk,
tandane wus nemoni sukses ing gaweane.
Glendhoh : Piye kabarmu Thuk?
Klithuk : Ya isih ngena-ngene wae
Ndhoh. Kaya sing mbok sawang iki.
Glendhoh : Lha piye ta? Mbok leh mu
nyambut gawe sing tenanan, ben isoh entuk dhuwit akeh.
Klithuk : Jan-jano nyambut gaweku ya
wus tenanan. Nanging tetep wae, uripku ajeg ngene. Ora tau cukup. Bojoku ya
sambate ngayawara saben dinane.
Glendhoh : Jaman saiki manawa nyambut
gawe becik, kuwi ora mungkin bisa nyukupi butuhe omah.
Klithuk : Piye karepmu? Aku durung
mudheng.
Glendhoh : Ngene. Tak kandani ya?
Contone aku wae. Gaweanku iki gawean cilik-cilikan ing kantor. Nanging piye
carane supaya aku bisa entuk dhuwit saliyane blanjanku saben sasi. Mula kuwi,
uripku sakulawarga sarwa kecukupan.
Klithuk : Lha piye carane? Mbok aku
diajari supaya uripku ya mundhak apik tinimbang saiki. Aku njagakake blanjan
sasen saka bos-ku ya ora sepiraa.
Glendhoh : Carane gampang banget.
Korupsi. Njajala korupsi, sithik sithik wae. Sing cilikan wae supaya ora
konangan.
Klithuk : Korupsi?? Tenanan kuwi?
Glendhoh : Lha iya! Kaya sing ing
tipi-tipi kae lho. Wong-wong dhuwuran padha korupsi tur gedhen kabeh. Nek aku,
cilikan wae sing penting bisa kanggo nutup butuhe omah. Ayo, kowe mesthi ya
bisa. Elingana anak-bojomu sing saben dina mangane kurang-kurang.
Klithuk : Mengko dhisik Ndhoh. Sajane
aku ya mathuk karo usulmu kuwi. Nanging kayane aku iki ora bakal bisa korupsi
ing gaweanku.
Glendhoh : Lha ngapa? Pengawasane ketat
po?
Klithuk : Ora babagan kuwi. Aku iki
kerjane melu wong, jasa sedot tinja. Lha sing ameh tak korupsi kuwi apa?? Saben
dina mubeng nguplek-uplek tinja.
Glendhoh : ??????!!!!!
6.
Paraga kang saiki
wis dadi lemu ginuk-ginuk ing crita Diajari korupsi yaiku …
a. Klithuk
d.
Bawana
b. Eri
e.
Hayu
c.
Glendhoh
7.
Wos surasane
crita Diajari korupsi iku yaiku …
a. Klithuk
uripe rekasa
d.
Klithuk uripe kepenak
b. Glendhoh
ngajari korupsi
e.
Klithuk ngajari korupsi
c.
Glendhoh uripe
rekasa
8.
Apa sesambungan
antarane Klithuk lan Glendhoh ing critab Diajari korupsi iku? …
a. sedulur
d.
kanca lawas SMA
b. wong
tuwane isih sedulur
e.
tangga desa
c.
kanca kantor
9.
Crita kang
surasane fakta kang surasane riwayat hidupe uwong kang ditulis dhewe sinebut …
a.
Otobiografi
d. Crita Sambung
b.
Cerkak
e.
Crita Gambar
c.
Novel
10.
Crita bisa awujud
fakta uga bisa awujud fiksi utawa mung gawe-gawe. Crita kang surasane wujude
crita kang critane sinambung sinebut …
a.
Otobiografi
d. Crita Sambung
b.
Cerkak
e.
Crita Gambar
c.
Novel
Etimologi
lan legendha asal
Aksara
Hanacaraka jenenge dijupuk saka urutan limang aksara wiwitan iki sing unine
"hana caraka". Urutan dhasar aksara Jawa nglegena iki cacahe ana
rongpuluh lan nglambangake kabeh fonem basa Jawa. Urutan aksara iki kaya
mengkene:

ha na ca ra ka
da ta sa wa la
pa dha ja ya nya
ma ga ba tha nga
Urutan iki uga
bisa diwaca dadi ukara-ukara: "Hana caraka" tegese "Ana utusan"
"Data
sawala" tegese "Padha garejegan"
"Padha
jayanya" tegese "Padha digjayane"
"Maga
bathanga" tegese "Padha dadi bathang".
Urutan
ukara iki digawe miturut legendha yen aksara Jawa iku diasta dening Aji Saka
saka Tanah Hindhustan menyang Tanah Jawa. Banjur Aji
Saka ngarang urutan aksara kaya mengkene kanggo mengeti rong panakawane sing
setya nganti pati: Dora lan Sembada. Kalorone mati amerga ora
bisa mbuktekake dhawuhe sang ratu. Mula Aji Saka banjur
nyiptakake aksara Hanacaraka supaya bisa kanggo nulis layang.
Caritane kaya mengkene:
Kacarita
ing jaman mbiyen ana wong saka Tanah Hindhustan anom jenenge Aji Saka. Dheweke
putrane ratu, nanging kepengin dadi pandhita sing pinter. Kasenengane mulang
kawruh rupa-rupa. Dheweke banjur pengin lunga mencarake ngelmu kawruh ing Tanah
Jawa.
Banjur
anuju sawijining dina Aji Saka sida mangkat menyang Tanah Jawa, karo abdine
papat sing jenenge Duga, Prayoga, Dora lan Sambada. Bareng tekan ing Pulo
Majethi padha leren. Aji Saka banjur nilar abdine loro; Dora lan Sambada ing
pulo iku.
Dene
Aji Saka karo Duga lan Prayoga arep njajah Tanah Jawa dhisik. Dora lan Sambada diweling ora oleh lunga saka kono. Saliyane
iku abdi loro wau dipasrahi keris pusakane, didhawuhi ngreksa, ora oleh dielungake
marang sapa-sapa.
Aji
Saka banjur tindak karo abdine loro menyang ing Tanah Jawa. Njujug ing negara
Mendhang Kamolan.
Sing
jumeneng ratu ing kono ajejuluk Prabu Dewata Cengkar. Sang prabu iku senengane
dhahar daginge wong. Kawulane akeh sing padha wedi banjur padha ngalih menyang
negara liya. Patihe ngaran Kyai Tengger.
Kacarita
Aji Saka ana ing Mendhang Kamolan jumeneng guru, wong-wong padha mlebu dadi
siswane. Para siswane padha tresna marang Aji Saka amerga dheweke seneng
tetulung. Nalika
semana Aji Saka mondhok neng omahe nyai randha Sengkeran dipek anak karo nyai
randha. Kyai
patih karo nyai randha iya wis dadi siswane Aji Saka.
Anuju
sawijining dina sang prabu Dewata Cengkar duka banget ora wong maneh sing bisa
didhahar. Aji Saka banjur saguh dicaosake sang nata dadi dhaharane. Sang nyai randha lan patih dadi
kaget banget. Nanging Aji Saka celathu yen wong loro iku ora usah kuwatir yen
dheweke ora bakal mati.
Banjur
Aji Saka diaterake ngadhep prabu Dewata Cengkar. Prabu Dewata Cengkar ya rumangsa
eman lan kersa ngangkat Aji Saka dadi priyayi, nanging Aji Saka ora gelem. Ana
siji panyuwune, yaiku nyuwun lemah saiket jembare. Sing ngukur kudu sang prabu
dhewe. Sang prabu Dewata Cengkar iya banjur
nglilani.
Nuli
wiwit ngukur lemah diasta dhewe. Ikete Aji Saka dijereng.
Ikete tansah mulur bae, dadi amba serta dawa. Iya dituti wae dening sang prabu.
Nganti notog ing segara kidul. Bareng wis meped ing pinggir segara, ikete
dikebutake. Dewata Cengkar katut mlesat kecemplung ing segara. Malih dadi baya
putih, ngratoni saisining segara kidul.
Wong-wong
ing Mendhang Kamolan padha bungah. Awit ratune sing diwedeni wis sirna.
Seka panyuwune wong akeh. Aji Saka ngganteni jumeneng ratu ana ing negara Mendhang Kamolan ajejuluk Prabu Jaka, iya prabu Widayaka. Dene patihe isih lestari kyai patih Tengger. Si Duga lan si Prayoga didadekake bupati, ngarane tumenggung Duduga lan tumenggung Prayoga. Sang prabu Jaka, iya sang prabu Widayaka nimbali si Dora lan si Sambada.
Seka panyuwune wong akeh. Aji Saka ngganteni jumeneng ratu ana ing negara Mendhang Kamolan ajejuluk Prabu Jaka, iya prabu Widayaka. Dene patihe isih lestari kyai patih Tengger. Si Duga lan si Prayoga didadekake bupati, ngarane tumenggung Duduga lan tumenggung Prayoga. Sang prabu Jaka, iya sang prabu Widayaka nimbali si Dora lan si Sambada.
Kacarita
sang prabu Widayaka, pinuju miyos siniwaka. Diadhep kyai patih sarta para
bupati. Sang prabu kengetan abdine sing didhawuhi ngreksa pusaka keris ana ing
Pulo Majethi.
Ndangu marang Duduga lan Prayoga kepriye wartane si Dora lan si Sembada. Prayoga lan Duduga ora bisa mangsuli awit wis suwe ora krungu apa-apa.
Ndangu marang Duduga lan Prayoga kepriye wartane si Dora lan si Sembada. Prayoga lan Duduga ora bisa mangsuli awit wis suwe ora krungu apa-apa.
Kacarita
si Dora lan si Sambada sing kari ana ing Pulo Majethi. Wong loro iku wis padha krungu pawarta manawa gustine wis
jumeneng ratu ana ring Mendhang Kamolan. Si Dora ngajak sowan
nanging si Sambada ora gelem awit wedi nerak wewalere gustine, ora pareng
lunga-lunga seka pulo Majethi, yen ora tinimbalan.
Nanging
si Dora nekad arep sowan dhewe. Si Sambada ditilapake. Banjur mangkat ijen wae.
Ana ing dalan si Dora kapethuk karo tumenggung Duduga lan Prayoga. Utusan loro
mau banjur diajak bali dening si Dora. Awit si Sambada dijak ora gelem.
Wong
telu banjur sowan ing ngarsane sang prabu. Sang Prabu ndangu si Sembada ana ing ngendi lan
diwangsuli yen dheweke ora gelem diajak. Mireng ature si Dora, sang prabu duka
banget, lali dhawuhe dhewe mbiyen. Banjur Dora, didhawuhi bali menyang pulo
Majethi lan nimbali si Sambada. Yen meksa ora gelem didhawuhi dirampungi lan
kerise dibalekake.
Dora
sanalika mangkat. Ing pulo Majethi ketemu karo Sembada. Kandha yen mentas sowan
gustine. Saiki diutus nimbali si Sambada. Pusaka keris didhawuhi nggawa.
Nanging si Sambada ora ngandel marang kandhane si Dora. Banjur padha padu rame.
Suwe-suwe padha kekerengan, dedreg ora ana sing kalah, awit padha digdayane.
Wasana banjur padha nganggo gaman keris padha genti nyuduk. Wekasan perange
sampyuh. Si Dora lan si Sambada padha mati kabeh.
Sang
Prabu ngarep-arep tekane si Dora. Wis sawetara suwene teka durung sowan-sowan
mangka didhawuhi enggal bali. Sang prabu nimbali tumenggung Duduga lan Prayoga.
Didhawuhi nusul si Dora menyang pulo Majethi. Sanalika banjur mangkat.
Bareng
Duduga lan Prayoga wis teka ing pulo mau, kaget banget dene si Dora lan si
Sambada ketemu wis padha mati kabeh. Tilase mentas padha kekerangan padha tatu
kena ing gaman. Pusaka keris sing dadi rereksan gumlethak ana ing sandhinge.
Pusaka banjur dijupuk arep diaturake marang gustine. Duduga lan Prayoga banjur bali
sowan ing ngarsane gustine lan mratelake kahanane. Sang Prabu Widayaka kaget
banget mireng pawarane, awit pancen kaluputane dhewe wis kesupen pandhawuhe.
Banjur sang prabu nganggit aksara Jawa nglegena kanggo mengeti abdine loro iku.
11.
Aksara Hanacaraka jenenge dijupuk saka urutan limang aksara wiwitan iki
sing unine "hana caraka". Urutan dhasar aksara Jawa nglegena iki
cacahe ana rongpuluh lan nglambangake kabeh fonem basa Jawa. Kang duwe teges padha digdayane yaiku …
a. ha na ca ra ka
d.
ma ga ba tha
nga
b. da ta sa wa la
e.
nga tha ba ga ma
c.
pa dha ja ya nya
12.
Kacarita ing jaman mbiyen ana wong saka Tanah Hindhustan anom jenenge
Aji Saka. Dheweke putrane ratu, nanging kepengin dadi pandhita sing pinter.
Kasenengane mulang kawruh rupa-rupa. Dheweke banjur pengin lunga mencarake
ngelmu kawruh ing Tanah Jawa.Banjur anuju sawijining dina Aji Saka sida mangkat
menyang Tanah Jawa, karo abdine papat sing jenenge kaya ing ngisor iki, kajaba
….
a. Duga
d. Sambada
b. Prayoga
e.
Digdaya
c.
Dora
13.
Dene Aji Saka karo Duga lan Prayoga arep njajah Tanah Jawa dhisik. Dora lan Sambada diweling ora oleh lunga saka kono. Saliyane
iku abdi loro wau dipasrahi keris pusakane, didhawuhi ngreksa, ora oleh
dielungake marang sapa-sapa. Aji Saka banjur tindak karo abdine loro menyang
ing Tanah Jawa. Njujug ing Negara …..
a.
Tanah Majethi
b.
Mendhang Kamolan
c.
Pulo Jawa
d.
Tengger
e.
Ngastina
14.
Awit ratune sing diwedeni wis sirna. Seka panyuwune wong akeh. Aji Saka
ngganteni jumeneng ratu ajejuluk … .
a.
Prabu Jaka
d. Prabu Tengger
b.
Prabu
Dewata
Cengkar
e.
Prabu Aji Saka
c.
Prabu Kresna
15.
Abdine Aji Saka kang didhawuhi
bali menyang pulo Majethi yaiku … .
a. Duga
d. Sambada
b.
Prayoga
e. Digdaya
c.
Dora
16.
Tetembungan utawa unen-unen kang nduweni pathokan utawa paugeran ajeg yaiku …
a.
Parikan
d. geguritan
b.
Wangsalan
e. candra sangkala
c.
Cangkriman
17.
Unen-unen utawa tetembungan sing saemper cangkriman, nanging batangane
(wangsulane) wis dikandhakake yaiku …
a.
Parikan
d.
geguritan
b.
Wangsalan
e.
candra sangkala
c.
Cangkriman
18.
Jenang gula, kowe aja …
a. Lali
b. kadingaren
c.
judheg
d. cengklungen
e.
kemba
19.
Gayung sumur, aja … aja mundur.
a. Lali
b. kadingaren
c.
judheg
d. cengklungen
e.
kemba
20.
Jangan gori, nganti ….. anggonku ngrasakake.
a. Lali
b. kadingaren
c.
judheg
d. cengklungen
e.
kemba
SUMIMPEN
ING POJOK ATI
Dening : Tatiek Kalingga
Kanthi ati kang krasa
rinujit,
Kepengin ndak rakit
gurit,
Sanajan krasa perih lan
sakit,
Nyangga panandhang kang
kudu dilampahi.
Nggoleki apa maknane
saripati,
Yen ing kanyatan tansah
tumindak nglarani,
Alam krasa panas bumi uga
nangis,
Lan amarah tan bisa
diendhani,
Nanging aku yakin isih
ana sunar suci,
Sih katresnan, rasa
tentrem kang sumimpen
Ing
pojok ati
Uga rasa tulus lan
luhuring budi pekerti.
Donga ing tengahing
ratri, muga dadi tamba jampi urip iki,
Tanpa kendhat nyuwun berkahing Gusti
21.
Kang dikarepake Kanthi ati kang krasa rinujit yaiku
…
a.
Ati
kang bungah
d. Ati kang
kelara-lara
b.
Rasa
kang
mantep
e. Ati kang kelegan
c.
Ati kang serakah
22.
Wos surasane
paragraf kapisan yaiku …
a.
Gegambaran
ati kang
kelara-lara
d.
Ngerteni kahanan kang endah
b.
Tumindak
kang
nalisir
e.
Donga marang Gusti
c.
Ora bisa kecukupan
23.
Wos surasane paragraf kapindho yaiku …
a.
Gegambaran
ati kang
kelara-lara
d.
Ngerteni kahanan kang endah
b.
Tumindak
kang
nalisir
e.
Donga marang Gusti
c.
Ora bisa kecukupan
24.
Tegese tembung ratri ing ukara Donga ing
tengahing ratri, muga dadi tamba jampi urip iki yaiku …
a. esuk
d.
surup
b. awan
e.
bengi
a. sore
25.
Saora-orane ana patang kegiyatan kang kudu ditindakake
sadurunge pawongan iku arep maca geguritan. Kegiyatan kang kudu ditindakake
yaiku kaya ing ngisor iki, kajaba …
a. analisis
situasi
d.
gegladhen
b.
milih
geguritan
e.
manut kang nglatih
a.
ngonceki
(ndhudhah) geguritan
26.
Aku sakluwarga
nalika lelungan menyang Yogja bingung, amarga papan dunung alamat sing bakal
diparani durung ngerti, mula ing ndalan aku takon marang wong kang ngreti papan
iku. Basa kang prayoga dienggo nalika takon alamat menyang wong liya yaiku…
a.
Krama
d.
Ngoko lugu
b.
Krama
alus
e.
Ngoko alus
c.
Krama andhap
27.
Mas, sampeyan
benjing diutus bapak dhateng Solo. Basa kang digunakake yaiku…
a. Krama
d.
Ngoko lugu
b. Krama
Alus
e.
Ngoko Alus
c.
Krama Andhap
28.
Wektu nggone
Pakdhe kagungan kersa, sampeyan apa ora ngerti? Basa kang digunakake yaiku…
a. Krama
d.
Ngoko lugu
b. Krama
alus
e.
Ngoko alus
c.
Krama andhap
29.
Le, aku sesuk
terna menyang Puskesmas, amarga sesuk wayahe kontrol. Basa kang digunakake yaiku…
a. Krama
d.
Ngoko lugu
b. Krama
Alus
e.
Ngoko Alus
c.
Krama Andhap
30.
Aku duwe niyat,
yen ing kelas sepuluh iki kudu bisa antuk prestasi kang nyenengake bapak lan
ibu. Pratelan iku nggunakake basa …
a. Krama
d.
Ngoko lugu
b. Krama
Alus
e.
Ngoko Alus
c.
Krama Andhap
31.
Dina iki
penjenengan arep tindak ngendi, Mas? Yen ora ana acara aku arep nyuwun tulung. Basa
kang digunakake yaiku …
a. Krama
d.
Ngoko lugu
b. Krama
Alus
e.
Ngoko Alus
c.
Krama Andhap
32.
Mangsa rendheng
wus tumiba, mula saka iku awake dhewe kudu bisa njaga kewarasane dhewe-dhewe.
Basa kang digunakake yaiku …
a. Krama
d.
Ngoko lugu
b. Krama
Alus
e.
Ngoko Alus
c.
Krama Andhap
33.
Suwe banget aku
ora ketemu karo kancaku sing jenenge Baruna. Dheweke iku biyen kancaku saklas.
Sawise padha lulus nganti tekan wis padha duwe anake, sepisan wae aku durung
ketemu. Basa kang trep digunakake lamun aku ketemu karo Baruna yaiku …
a. Krama
d.
Ngoko lugu
b. Krama
Alus
e.
Ngoko Alus
c.
Krama Andhap
34.
“Ibuk, tindak
dhateng toko badhe …. menapa? Kok boten nimbali kula mawon, janipun kula ugi
badhe …. Buku tulis kangge cathetan.” Tembung kang bener kanggo ngisi
ceceg-ceceg kasebut yaiku ....
a. mundhut,
mundhut
d.
mundhut, tuku
b. tumbas,
tumbas
e.
tumbas, mundhut
c.
mundhut, tumbas
35.
“Mas, kula
dipundhawuhi Bapak, sampeyan dipundhawuhi …. rumiyin, sabab Bapak kala wau
sampun …. wonten kantor.” Tembung kang bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut
yaiku ….
a. dhahar,
dhahar
d.
maem, dhahar
b. nedhi,
nedhi
e.
dhahar, maem
c.
nedhi, dhahar
36.
Becik-alane. Yen
ditulis nganggo aksara Jawa yaiku…
a.
? becikalne.
b.
? [bcikHlnei.
c.
? becikHlne.
d.
? becikHl[n.
e.
? [bcikHl[n.
37.
Saka unen-unene
kuwi. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku…
a.
? skau[nnHunenekuwi.
b.
?skaunenHunenekuwi.
c.
?skau[nnHu[nnÑ|wi.
d.
?skau[nnHu[nnK|wi.
e.
?skaunenHuneneÑ|wi.
38.
Lelandhesan
kanyatan. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku…
a.
?XlnDesSnKvtn\,
b.
?XlnDeSnKvtn\,
c.
?lelnDesSnKvtn\,
d.
?lelnDeSnKvtn\,
e.
?lelnDesSnkvtn\,
39.
Babagan pangkat.
Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku…
a.
? bbgGnP=kt¿,
b.
? bbgnP=kt¿,
c.
? bbgnp=kt¿,
d.
? bbgGnP=kt,
e.
? bbgnP=kKt¿,
40.
Bumi nusantara
wis ngunjara rasa. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku…
a.
?buminusvTrwisZ|vJrrs.
b. ?buminusntrwisZ|vJrrs.
c. ?buminusnTrwisZ|nJrrs.
d. ?buminusntrwisZ|nJrrs.
e.
?buminusnTrwisZ|vJrrs.
41.
Budaya Jawa
mundhi kuwajiban. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku…
a.
?bufyjwmuvDikuwjibBn\,
b.
?bufyjwmuvDikuwjibn\,
c.
?bufyjwmunDikuwjibBn\,
d.
?bufyjwmundikuwjibn\,
e.
?budyjwmunDikuwjibBn\,
42.
Rembug manis
amung lamis. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku…
a. ? remB|gMnisHmu=lmis\,
b. ? xmB|gMnisHmu=lmis\,
c. ? xmbugMnisHmu=lmis\,
d. ?
remB|gmnisHmu=lmis\,
e.
? remB|gMnisamu=lmis\,
43.
Sing ngandhut
tapsiran luhur. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku…
a. ?si=znD|tTSi/rnÓ|au/.
b. ?si=znD|tTpSi/rnÓ|au/.
c. ?si=zvD|tTpSi/rnÓ|au/.
d. ?si=zvF|tTpSi/rnL|au/.
e. ?si=znF|tTpSi/rnÓ|au/.
44.
Kautaman lan
kawicaksanan. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku….
a. ?kautmMnLnKwickSnn\,
b. ?kautmnlnKwickSnn\,
c. ?kautmnLnKwickSnn\,
d. ?kautmnLnKwicksnn\,
e. ?kautmnLnKwickSnn,
45.
Unggul lan jumbuh
jaman kelakone. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku….
a. ?au=gulLnJ|mB|hjmnKel[ko[n.
b. ?au=gulLnJ|mB|hjmnKelL[ko[nN.
c. ?au=gulLvJ|mB|hjmnKel[ko[nN.
d. ?au=gulLnJ|mB|hjmnKel[ko[nN.
e.
?au=gulLnJ|mB|ajmnKel[ko[nN.
II. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi premati !
1. Apa kang kokngreteni babagan wara-wara iku?
2. Apa kang kokngreteni babagan wacana deskripsi iku?
3. Critakna maneh nganggo basamu dhewe!
Ndhudhah mitos Ratu Kidul
Solo (Espos) Mitos babagan Ratu Kidul, Nyai Rara Kidul, Kangjeng
Ratu Kidul lan sesebutan liyane tumrap Panguwasa Samodra Kidul, nganti saiki
panggah tansah nuwuhake pradondi. Tansah mecungul pitakonan apa Ratu Kidul kuwi
nyata anane, apa bener dheweke panguwasa Samodra Kidul lan duwe krajan ing
samodra kuwi?
Kanggo ndhudhah babagan kuwi, dina Kemis
(17/12), diadani seminar Membongkar Mitos Ratu Kidul, mapan ing Balai
Soedjatmoko Solo. Para pamicara ing seminar kuwi Kyai Khaelani (Karaton
Surakarta), I Soetardjo (nimpuna psikologi basa), MT Arifin (panaliti Ratu
Kidul) lan Prof Soehardi (antropolog saka Universitas Gadjah Mada Yogyakarta).
4. Setitekna geguritan ing ngisor iki, banjur jlentrehna
pesen lan amanate!
Gaman
Ilang Landhepe
Dening : Manaf Maulana
Bangsa iki kaya gaman ilang landhepe
Cilakane ora ana sing bisa ngungkalke
Amerga akeh sing padha kethule
Saben obah bisane mung ngrusak nagarane
Bangsa iki kaya gaman ilang landhepe
Cilakane ora ana sing bisa ngungkalke
Amerga akeh sing padha kethule
Saben obah bisane mung ngrusak nagarane
Gaman
ilang landhepe ora banjur ala
Malah bisa dadi pusaka kang jumawa
Kaya keris-kerise wong Jawa
Kethul ning bisa dadi turangga
Malah bisa dadi pusaka kang jumawa
Kaya keris-kerise wong Jawa
Kethul ning bisa dadi turangga
5. Tulisen nganggo aksara Jawa!
a.
Gaman ilang landhepe bakal
dadi rongsokan.
b.
Yen kabeh manungsa
wis padha ngugemi atine.
c.
Ora maneh kepengin
menang-menangan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar