Selasa, 31 Desember 2013

SOAL SOAL


51.
Ing pangandikane, Gubernur Jawa Tengah H. Mardiyanto netepake yen ing saben dina Selasa, basa Jawa wajib digunakake kanggo basa pengantar tumrap PNS  birokrasi lan pendhidhikan. Wose tumrap PNS Jawa Tengah ora ndeleng asli sukune, ing dina Selasa wajib migunakake basa Jawa minangka basa padinan, sanadyan mung sabisane. Tekad lan pencanangane iki bakal diwiwiti saka anggone Gubernur ngendikan, nelpon, lan utusan marang staf  tumekane marang walikota lan bupati sa-Jawa Tengah. Bab iki ditanggapi kanthi antusiyas dening para undangan ing auditorium kasebut lan masarakat pendengar RRI Semarang.
Pokok pikiran utama pawarta ing dhuwur yaiku …
a.    Gubernur Jawa Tengah H. Mardiyanto netepake yen ing saben dina Selasa basa Jawa wajib digunakake.
b.    Basa Jawa wajib digunakake kanggo basa pengantar tumrap PNS  birokrasi lan pendhidhikan.
c.    Ing dina Selasa wajib migunakake basa Jawa minangka basa padinan, sanadyan mung sabisane.
d.    PNS Jawa Tengah wajib migunakake basa Jawa.
e.    Gubernur ngendikan, nelpon, lan utusan marang staf  tumekane marang walikota lan bupati sa-Jawa Tengah nganggo basa Jawa.

52.
Dina Selasa didadekake dina basa Jawa ing Jawa Tengah. Tegese basa Jawa wajib digunakake kanggo basa pengantar tumrap pegawe negeri sipil (PNS) birokrasi lan pendhidhikan. Iku ngemu surasa yen saben dina Selasa PNS birokrasi ing pamarentahan provinsi, pamarentah kota, pamarentah kabupaten sa-Jawa Tengah kudu nganggo basa Jawa ing kantore. Mangkono uga PNS pendhidhikan, ateges …
a.    PNS pendhidhikan kudu pinter basa Jawa.
b.    Basa pengantar ing sekolah-sekolah kudu nganggo basa Jawa.
c.    Saben dina Selasa wong sa-Jawa Tengah kudu nganggo basa Jawa.
d.    Ing sekolah-sekolah saben dina Selasa migunakake basa pengantar basa Jawa. 
e.    Kudu ana pendhidhikan basa Jawa.

53.
Perangane pawarta iku, ing basa Inggris diarani  5 W + 1 H, yaiku : Who, What, When, Where, Why,  lan How. Manawa ing basa Jawa, pangertene 5 W + 1 H, yaiku :
a.    Kepriye, genea, ing ngendi papane, kapan, apa lan sapa.
b.    Apa, kepriye, genea, ing ngendi papane, kapan lan sapa.
c.    Genea, ing ngendi papane, kapan, sapa, apa lan kepriye.
d.    Sapa, apa, kapan, ing ngendi papane, genea lan kepriye.
e.    Apa, sapa, kapan, ing ngendi papane, genea lan kepriye.

54.
Ing adicara iku Gubernur Jawa Tengah mbiwarakake yen duwe tekad nglebokake basa Jawa ing kurikulum wajib, tumrap SD, SLTP, SMA sederajat wiwit tahun 2005. Tekad iki disarujuki dening Gubernur DI Yogyakarta lan Gubernur Jawa Timur. Perda lan SK kanggo pemantapan kurikulum wajib SD, SLTP, lan SLTA wis kasiyapake mung kari napakasmani. Kepala Dinas Dikbud Jawa Tengah kaajab nyiyapake udakara 4.000 guru kamg arep ditatar “khusus” minangka guru basa Jawa lan sastra Jawa ing tataran pendhidhikan kasebut.
Sapa asmane Gubernur DI Yogyakarta iku ?
a.    Sri Sunan Paku Buwono X.
b.    Sri Sultan Paku Buwono X.
c.    Sri Sunan Paku Alam X.
d.    Sri Sultan Hamengku Buwono X.
e.    Sri Sunan Hamengku Buwono X.

55.
Nuwun,
Winantu ing kawilujengan.
Sinartan sinukartaning panambrama,
Ibu miwah Bapak R. Rusna Wijaya S.Pd, dalah para putri lan putra, dalasan Sanggyaning kulawarga, punapa dene Para Rawuh.
Nuwun, tumanggap pangandikanipun Bapak Drs. Imam Sarjana, ingkang anyulihi Ibu tuwin Bapak R. Rusna Wijaya S.Pd, amasrahaken panganten kakung, keparenga kula matur, minangka sesulihipun Ibu saha Bapak R.M. Suyanto Wiryaatmoko, kula kadhawuhan tampi pasrah panganten kakung.
Pramila kaparenga amratelakaken bilih ing samangke wanci tabuh 10.00, panganten kakung kula tampi kanthi sae, andadosaken suka bingahipun manah, saha sumangga sami muji muja syukur konjuk ing Hyang Murbeng Gesang.
Salajengipun panganten kakung badhe sarimbit kaliyan panganten putri, rara Ana Istanti SE, dumungkap upacara candhakipun. Kula nyadhong pangaksami bok bilih wonten kakirangan saha kaladuking panampi.
Nuwun.
Sesorah ing dhuwur mratelakake adicara apa ?
a.    Pasrah Panganten Kakung.
b.    Pasrah Panganten Putri.
c.    Tampi Pasrah Panganten Kakung.
d.    Tampi Pasrah Panganten Putri.
e.    Pasrah Tampi Panganten Kakung Putri.

56.
Miturut kowe, sapa kang arep didadekake panganten ?
a.    R. Rusna Wijaya S.Pd.
b.    Drs. Imam Sarjana.
c.    R.M. Suyanto Wiryaatmoko.
d.    Rara Ana Istanti, SE.
e.    Rara Nindya Asmara.

57.
Gatekna pacelathon ing ngisor iki !
Umi    : Pak, ngedikanipun Ibu, Bapak badhe tindak Jakarta ?
Bapak : Iya, suk Setu Bapak arep nang Jakarta.
Umi    : Ibu ndherek punapa boten ?
Bapak : Ora, wong iki urusan kantor. Ibumu ora ndherek.
Umi    : O… kula kinten Bapak lan Ibu sekaliyan.
Bapak : Ndhuk, sesuk tukokna tiket sepur ing stasiun ya !
Umi    : Bapak badhe nitih sepur ingkang punapa ?
Bapak : Ya, apike numpak sepur apa ya ? Senja Utama apa Fajar Utama ? Apa sing endi Ndhuk ?
Umi    : Supados Bapak boten sayah, nitih Kamandanu kemawon, wonten AC-nipun, tur enggal dumugi Jakarta. Dados Bapak saged ngaso rumiyin.
Manut isine pacelathon ing dhuwur, endi kang isine ukara hagya ?
a.    Pak, ngedikanipun Ibu, Bapak badhe tindak Jakarta ?
b.    Iya, suk Setu Bapak arep nang Jakarta.
c.    Ora, wong iki urusan kantor. Ibumu ora ndherek.
d.    Ndhuk, sesuk tukokna tiket sepur ing stasiun ya !
e.    Supados Bapak boten sayah, nitih Kamandanu kemawon, wonten AC-nipun, tur enggal dumugi Jakarta. Dados Bapak saged ngaso rumiyin.

58.
Supados Bapak boten sayah, nitih Kamandanu kemawon, wonten AC-nipun, tur enggal dumugi Jakarta. Dados Bapak saged ngaso rumiyin.
Tembung sayah kang kacethak kandel, menawa diganti nganggo tembung ngoko yaiku …
a.    Luwe.
b.    Lemes.
c.    Ngantuk.
d.    Kesel.
e.    Pegel.

59.
Bapak : Ya Ndhuk, sesuk tukokna tiket Kamandanu. Terus malem Minggu, kowe ndherekake Bapak menyang stasiun. Wani apa ora ?
Umi    : Wah … nggih wantun ta Pak, sampun SMA mosok dhateng stasiun mawon boten wantun. Jirih ! Dhik Yudhit kersane ngancani Ibu wonten nggriya.
Yudhit : Pak, nek tindak Jakarta ngasta oleh-oleh lho !
Ibu     : Yudhit ki sing dipikir mung oleh-oleh bae. Saben Bapak utawa Ibu tindak, mesthi nyuwun oleh-oleh.
Bapak : Ya, sing penting Yudhit ora rewel. Ngrewangi Ibu ! Yen sinau nyuwun warah karo Mbak Umi !
Yudhit :  Beres Pak.
Ibu     : Wis kana gek padha turu, wis wengi lho, sesuk sekolah !
Yudhit : Kula tilem kalih Mbak Umi nggih Bu ?
Kira-kira apa irah-irahan kang trep kanggo pacelathon ing dhuwur ?
a.    Bapak tindak Jakarta.
b.    Bapak nitih Sepur Kamandanu.
c.    Umi sampun SMA.
d.    Umi menyang stasiun.
e.    Yudhit nyuwun oleh-oleh.

60.
Ibu     : Wis kana gek padha turu, wis wengi lho, sesuk sekolah !
Yudhit : Kula tilem kalih Mbak Umi nggih Bu ?
Menawa turu  iku tembung ngoko, lan  tilem iku tembung krama, yen sare klebu tembung …
a.    Krama lugu.
b.    Krama desa.
c.    Krama madya.
d.    Krama alus.
e.    Krama inggil.

61.
Nuwun,
Keparenga matur, minangka sesulihipun Ibu saha Bapak R. Rusna Wijaya, S.Pd sakaluwarga, kula kadhawuhan masrahaken panganten kakung Bagus Pujiyanto, ST katur Ibu saha Bapak R.M  Suyanto Wiryaatmoko …
Apa kang dadi wigatining alenia ing dhuwur ?
a.    Nuwun, keparenga matur.
b.    Minangka sesulihipun Ibu saha Bapak R. Rusna Wijaya, S.Pd sakaluwarga.
c.    Kula kadhawuhan masrahaken panganten kakung.
d.    Panganten kakung Bagus Pujiyanto, ST.
e.    Katur Ibu saha Bapak R.M  Suyanto Wiryaatmoko.

62.
Sajroning gawe naskah sesorah (pidhato), kang wigati lan sing perlu digatekake yaiku …
a.    Nyawisake topik utawa tema sesorah.
b.    Golek lan nglumpukake bahan sesorah.
c.    Gawe cengkorongan (ragangane) sesorah.
d.    Nulis naskah sesorah adhedasar pokok-pokok sesorah.
e.    Nyiapake bahan kang jumbuh karo sing ngrungokake.

63.
Dene sing paling perlu digatekake sajroning nindakake sesorah yaiku …
a.    Siap naskah sesorah.
b.    Siap mental lan percaya diri.
c.    Duwe kewanen, tegese ora ingah-ingih.
d.    Omongan kudu cetha.
e.    Unggah-ungguh basa adhedasar sapa wong sing arep ngungokake.

64.
Para rawuh ingkang dahat sinudarsana,
Cekap semanten anggen kula paring ular-ular dhumateng putra panganten sarimbit. Awit saking sawabing berkah dalah pangestunipun Para rawuh, mugi-mugi pitutur luhur punika saged dados pagering gesangipun putra panganten, temah punapa ingkang  jinangka sageda jinangkah, memayu hayuning kaluwarga …
Tembung kawi sinudarsana ngemu teges …
a.    Pantes tinuladha.
b.    Pantes kinurmatan.
c.    Pantes sinubya-subya.
d.    Pantes dipunaosi.
e.    Pantes sinugata.

65.
Pancen, Kraton Ngayogyakarta kena diarani tinggalane Kraton Mataram. Ing Kraton Kasultanan Ngayogyakarta ana Mesjid Gedhe Kauman, kang papane ana ing sisih kulon Alun-alun Lor Ngayogyakarta. Dene umure wis luwih saka 200 taun. Madeg jamane Sri Sultan Hamengku Buwono I (Pangeran Mangkubumi).
Sawise entuk palilah saka Sri Sultan Hamengku Buwono I, mesjid didegake dening Kyai Penghulu Faqih Ibrahim Dipaningrat taun 1773. Dene arsiteke diembani dening Tumenggung Wiryakusuma.
Wektu kang dibutuhake kanggo mbangun mesjid, klebu suwe. Udakara rolas taun. Mesjid ora langsung digawe nganti dadi, nanging anggone mbangun mbaka saka siji. Kayata, mbangun serambi, pager, blumbang, lan wewangunan ing plataran. Kang sepisanan digawe, gedhung induk. Bahan-bahane meh kabeh saka kayu jati kang dijupuk saka wewengkon Blora.
Paragraf 1 wacan ing dhuwur migunakake paragraf …
a.    Deduktif.
b.    Induktif.
c.    Ineraktif.
d.    Deduktif – induktif.
e.    Induktif – deduktif.

66.
Isi teks wacan ing dhuwur mratelakake babagan apa ?
a.    Mesjid Gedhe Kauman.
b.    Kepriye anggone mbangun Mesjid Gedhe Kauman.
c.    Wektu kang dibutuhake kanggo mbangun mesjid Kauman.
d.    Mesjid Gedhe Kauman umure wis luwih saka 200 taun.
e.    Mesjid Gedhe Kauman madeg jamane Sri Sultan Hamengku Buwono I.

67.
Unen-unen Jawa iku, yen kakunge dadi guru, mula bojone undang-undangane bu guru. Yen kakunge dadi dokter, bojone undang-undangane ya bu dokter. Dadi para pawestri ing nguni gumantung marang beja cilakane sing kakung, mula kena diunekake “swarga nunut neraka katut”. Saiki ana paraga sing bisa diunekake swarga nunut neraka katut, yaiku para paraga pensiunan. Apa sebabe bisa dipadhakake karo kang kasebut, amarga yen pegawe sing isih aktif diparingi kenaikan gaji utawa tunjangan, para pensiunan uga diparingi. Ning iku kabeh yen saka pusat lho, yen saka kabupaten ora, mung isih aktif wae sing diparingi. Dadi kena uga para pensiunan diunekake “habis manis sepah dibuang …”.
Wacan ing dhuwur migunakake paragraf …
a.    Deduktif.
b.    Induktif.
c.    Ineraktif.
d.    Deduktif – induktif.
e.    Induktif – deduktif.

68.
Ukara kang dadi pokok pikiran utama saka wacan ing dhuwur yaiku …
a.    Yen kakunge dadi guru, mula bojone undang-undangane bu guru.
b.    Yen kakunge dadi dokter, bojone undang-undangane ya bu dokter.
c.    Para pawestri ing nguni gumantung marang beja cilakane sing kakung.
d.    Swarga nunut neraka katut
e.    Yen pegawe sing isih aktif diparingi kenaikan gaji utawa tunjangan, para pensiunan uga diparingi.

69.
Jaman dhisik, “swarga nunut neraka katut” iku mung kanggo pawestri, saiki kanggo sapa ?
a.    Para bojo.
b.    Para kakung.
c.    Para pegawe.
d.    Para pensiunan.
e.    Para pawestri.

70.
Sapa sing diparingi kenaikan gaji utawa tunjangan ?
a.    Para Guru.
b.    Para Dokter.
c.    Para Pegawe.
d.    Para Pensiunan.
e.    Para Pegawe lan Pensiunan.

71.
Langit sore katon resik tanpa mega. Candhikala sumamburat abang ana ing langit sisih Kulon tandha yen sesuk ora ana udan. Bubar adus awak krasa seger sawise siram-siram tanduran sing ana latar sisih buri omah.
Lungguh ana teras ngarep omah dikancani gedhang goreng gaweane anak wedok ditambahi sagelas kopi racikane putu barep, si Dewi sing wis klas telu SMA, wah nyata pas lan enak tenan …
Wacan ing dhuwur paragraf 1 migunanake paragraf deduktif. Menawa paragraf 2 migunakake paragraf apa ?
a.    Deduktif.
b.    Induktif.
c.    Ineraktif.
d.    Deduktif – induktif.
e.    Induktif – deduktif.

72.
Candhikala sumamburat abang ana ing langit sisih Kulon tandha yen sesuk ora ana udan. Ukara kasebut klebu ukara …
a.    Ukara Pakon.
b.    Ukara Hagya.
c.    Ukara Carita.
d.    Ukara Pitakon.
e.    Ukara Parentah.

73.
Wacan ing dhuwur nyritakake bab apa ?
a.    Langit sore.
b.    Candhikala.
c.    Bubar adus.
d.    Gedhang goreng.
e.    Wedang kopi.

74.
Mekaten atur kula ing pahargyan punika. Mugi-mugi atur kula punika wonten gina paedahipun. Bok bilih wonten atur saha patrap kula ingkang boten nuju prana, inggih awit saking cupeting seserapan kula ing reh subasita, basa tuwin sastra, keparengan panjenengan sedaya paring agunging pangaksami.
Wacan ing dhuwur menawa ana ing cengkorongan sesorah, kalebu …
a.    Salam Pambuka.
b.    Purwaka.
c.    Surasane Basa.
d.    Dudutan.
e.    Wasana Basa.

75.
Ing cengkorongane sesorah ana kang sinebut Purwaka, apa tegese ?
a.    Ngunjukake puja lan puji marang Gusti lan matur nuwun marang sapa wae kang wis mbiyantu lumakune adicara.
b.    Undheraning bab kang diwedharake.
c.    Inti sarining wedharan.
d.    Bab-bab kang dikarepake dening kang nindakake sesorah marang sing padha ngrungokake.
e.    Atur panuwun lan nyuwun pangapura bok menawa ana klera-klerune anggone nindakake jejibahan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar