Selasa, 31 Desember 2013

SOAL SOAL


26.
Gatekna pacelathon ing ngisor iki !
Bu Pawiro           : “Kepriye Nduk, kowe gelem apa ora ?
Minah    : “Kula sajane boten radi cocog Bu, nanging kula ajrih menawi Bapak duka.”
Bu Pawiro  : “Kowe ora cocog merga apa ? Apa merga bocahe wis rada tuwa ?”
Minah        : “Boten Bu, nanging kula sampun kagungan pilihan.”      
Pacelathon sing dirembug Bu Pawiro lan Minah babagan ....
  1. Bu Pawiro kepengen rabi.
  2. Bapake Minah seneng nesu.
  3. Minah wedi karo bapake.
  4. Minah ora cocog karo pilihane wong tuwane.
  5. Bu Pawiro lan Minah wedi karo bapake.

27.
.... Bareng Pak Pono menyang toilet, kabeh wis tutup. Sawise dienteni, saka njero ana dhedheheme wong wadon. Lawang  didhodhog dening Pak Pono, wonge metu. Jebul sing metu saka toilet iku, wong wadon nganggo klambi terusan warna putih. Raine pucet, mripate cowong semu ireng, lan praupane kosong ....
Nitik saka cuwilan crita ing dhuwur, setting crita mau ana ing ....
  1. Kamar mayat.
  2. Toilet.
  3. Ruang jenazah.
  4. Omah suwung.
  5. Rumah sakit.

28.
Urut-urutaning crita wiwit lekas nganti pungkas diarani ....
  1. Tema.
  2. Setting.
  3. Amanat.
  4. Penokohan.
  5. Plot.

29.
Para ibu apadene para artis (selebritis) kabulet lingkaran setan  narkoba,  kayadene  kang  kerep  ditayangake  ana  ing  TV.  Mung  jalaran kapilut bebathen kang nengsemake saka pangedole ganja, sabu-sabu sarta narkoba banjur padha kepencut. Ora ngerti sangkan paran apese awak, dumadakan kecidhuk aparat penegak hukum, ora wurunga dadi isen-isene hotel prodeo.
Andharan kasebut nuduhake ....
  1. Wanita kang pantes tinuladha.
  2. Wanita kang murang tata.
  3. Wanita kang bisa momong putra.
  4. Wanita kang bisa madhani drajate priya.
  5. Wanita kang duweni susila.

30.
Bebadan kang duweni wewenang gawe putusan tindak pidana penyalahgunaan obat-obat terlarang, ing wewengkon kabupaten utawa kotamadya yaiku ....
  1. Pengadilan Negeri.
  2. Pengadilan Tinggi.
  3. Kepolisian Sektor.
  4. Kepolisian Resor.
  5. Kejaksaan Negeri.

31.
Lumakuning pengadilan supaya bisa rancag nganti tumibaning putusan adil nganggo dasar ....
  1. Pembela lan seksi.
  2. Jeksa lan bukti.
  3. Pembela lan  jeksa.
  4. Saksi lan bukti.
  5. Jeksi lan seksi.

32.
?kif=kliyneK[qk\.
Aksara Jawa ing dhuwur wacane apa ?

a.    Kadang kaliyan kethek.
b.    Kendhang kaliyan kulit.
c.    Kedhung kaliyan kutuk.
d.    Kandhang kaliyan kebon.
e.    Kidang kaliyan kethek.

33.
Aksara Jawa ing ngisor iki sing wacane : Siti arep adus, yaiku …
a.    ?sitiaxpHfus\.
b.    ? sitiarepHfus \.
c.    ? sitiaxpHfun \.
d.    ? sitiaxpH[fos \.
e.    ? sitiaxpHfuf \.

34.
“.... Aku sing teka Mbok, aku anakmu Slamet. Aku matur nuwun ya Mbok, dene aku wus diwenehi jeneng sing becik lan diparingi pangan. Sabanjure aku kepingin rewang Simbok, rewang golek sandhang-pangan lan rewang tetulung menyang sapadha-padha ....”
Nitik saka tembung lan ukarane, pacelathon ing dhuwur migunakake basa logat ing wewengkon ....
  1. Surakarta.
  2. Banyumas.
  3. Jakarta.
  4. Surabaya.
  5. Bandung.

35.
Tindak kriminal sing paling abot ukumane yaiku ....
  1. Penipuan.
  2. Perjudian.
  3. Korupsi.
  4. Narkoba.
  5. Pengelapan.

36.
Piranti apa sing bisa kanggo menehi kabar paling cepet ?
  1. Telegram.
  2. Surat kilat.
  3. Telphone.
  4. Komputer.
  5. Kurir.

37.
Telphone diarani piranti kang efisien kanggo sesrawungan. Efisien tegese ....
  1. Murah.
  2. Cepet.
  3. Gagah.
  4. Gampang.
  5. Mewah.

38.
Kepriye carane supaya wragat telphone ora boros lan gedhe gunggunge ?
  1. Yen arep telphone dipikir luwih dhisik.
  2. Yen arep telphone ditulis garis ghede rembugane.
  3. Yen arep telphone diapalne omongane.
  4. Yen arep telphone kudu ngerti kapreluane.
  5. Yen arep telphone kencanan luwih dhisik.

39.
Wewengkon ngendi sing  tembung lan ukaranane ora migunakake basa Jawa ing sabendinane ?
  1. Surakarta.
  2. Banyumas.
  3. Jakarta.
  4. Surabaya.
  5. Semarang.

40.
Papan, wektu lan prastawa kang dumadi ana ing ing sajroning crita sinebut ....
  1. Tema.
  2. Amanat.
  3. Plot.
  4. Setting.
  5. Penokohan.

41.
Aksara Jawa komplit sakpasangane diarani ...
  1. Hanacaraka.
  2. Dentawiyanjana.
  3. Aksara murda.
  4. Ajisaka.
  5. Aksara cakra.

42.
Apa tegese Eksposisi iku ?
  1. Cerita.
  2. Lukisan.
  3. Paparan.
  4. Pendapat.
  5. Ajakan.

43.
.... Ing sisih liya Raden Abimanyu kang sudibya jayeng palugon uga kasil nyirnakake Jatha Gimbal sawise linepasan jemparing Sarutama. Ora suwe sinusul, sabanjure Raden Arjuna kasil niwasake Jatha Sura. Jatha Sura ambruk ndhepani bantala sawise jajane ketaman jemparing Ardhadhedhali ....
Ing ngisor iki kalebu paraga crita ing dhuwur, kajaba ....
  1. Raden Abimanyu.
  2. Raden Arjuna.
  3. Jatha Gimbal.
  4. Jatha Sura.
  5. Ardhadhedali.

44.
Miturut wacan ing dhuwur, gamane Raden Abimanyu jenenge ....
  1. Sarutama.
  2. Ardhadhedali.
  3. Jatha Gimbal.
  4. Jatha Sura.
  5. Jatha Sarutama.

45.
Jeneng liyane saka Raden Arjuna yaiku ....
  1. Raden Sadewa.
  2. Raden Nakula.
  3. Raden Janaka.
  4. Raden Puntadewa.
  5. Raden Werkudara.

46.
Sapa sing disirnakake dening Raden Arjuna ?
  1. Sarutama.
  2. Ardhadhedali.
  3. Jatha Gimbal.
  4. Jatha Sura.
  5. Jatha Sarutama.

47.
Raden Abimanyu iku satria saka Plongkowati, menawa Raden Arjuna iku satria saka ....
  1. Madukisma.
  2. Madugandha.
  3. Madurasa.
  4. Madukara.
  5. Mandura.

48.
Jatha Sura ambruk ndhepani bantala sawise jajane ketaman jemparing Ardhadhedhali. Dasanamane jemparing yaiku ....
  1. Panah.
  2. Tumbak.
  3. Pedang.
  4. Keris.
  5. Pecut.

49.
Aksara  Jawa iki  wacane:  :
?gemhriph[lohjinawi.
  1. Gemah ripah kerta raharja.
  2. Gemah ripah tata tentrem.
  3. Gemah ripah panjang-punjung.
  4. Gemah ripah titi jinawi.
  5. Gemah ripah loh jinawi.

50.
Dina Senen Wage tanggal 21 Februari 2005, Pamarentah Provinsi Jawa Tengah ngadani “Peringatan Hari Bahasa Ibu Internasional Tahun 2005”, mapan ing Auditorium RRI Semarang, kawiwitan jam sanga esuk nganti rampung. Dirawuhi dening Gubernur Jawa Tengah H. Mardiyanto, warga DPR Prop. Jateng, Kepala Dinas Dikbud Jateng, birokrat, pakar/pengamat budaya, para guru, siswa SD, SLTP, lan SLTA sakutha Semarang, para tamu undangan, lan saka kalangan pers. Adicara iki diisi pentas pakeliran padhet wayang kulit, dening dhalang Ki Enthus Susmono saka Tegal, kanthi lakon “Pendadaran Satriya Kawah Candradimuka” lan peparing bebana “Sayembara Njarwakake Pidhato Gubernur Jawa Tengah”.
Pawarta ing dhuwur nyritakake bab apa ?
a.    Peringatan Hari Bahasa Ibu Internasional Tahun 2005.
b.    Pidhato Gubernur Jawa Tengah H. Mardiyanto.
c.    Pentas pakeliran padhet  wayang kulit dening dhalang Ki Enthus Susmono.
d.    Pendadaran Satriya Kawah Candradimuka.
e.    Sayembara Njarwakake Pidhato Gubernur Jawa Tengah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar