Selasa, 31 Desember 2013

SOAL SOAL

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki !

1.
Presiden Susilo Bambang Yudhayana duwe cara anyar kanggo ngaweruhi uneg-uneg kawulane. Wiwit wulan Juli kapungkur,  SBY sengaja nuduhake nomer handphone marang masyarakat, yaiku  0811109949. Presiden mratelakake nedya mbukak telepon seluler (ponsel) 24 jam nonstop, jalaran kagugah atine nalika disambati sawenehe para tani sing ora entuk kawigaten pejabat daerah. “Yen panjenengan rumangsa ora digatekake dening pimpinan lan pejabat daerah, handphone lan SMS-ku tinarbuka 24 jam”, mangkono ngendikane Presiden.
Pawarta basa Jawa kasebut, manut unggah-ungguhe basa Jawa, katulis nganggo basa ....
  1. Ngoko lugu.
  2. Ngoko andhap.
  3. Krama desa.
  4. Krama madya.
  5. Krama inggil.

2.
Pawarta basa Jawa bakal diterusake sawise pariwara. Pariwara duweni teges ....
  1. Berita penting.
  2. Selingan..
  3. Sekilas info.
  4. Istirahat.
  5. Iklan.

3.
Pembawa acara ing televisi diarani presenter utawa MC (Master of Ceremony). Cara jawane diarani apa ?
  1. Pambiwara.
  2. Pambiyawara.
  3. Pranatacara.
  4. a-b-c bener kabeh.
  5. a-b-c salah kabeh.

4.
Ing satengahing kagiyatan MOS (Masa Orientasi Sekolah), Pak Prasetyo, guru Basa Jawa SMA Negeri 2 Sragen, maosake pengumuman  (wara-wara). Dene isine pengumuman mangkene ....
Wara-wara iki katujokake kanggo para siswa anyar kelas X. Kabeh siswa anyar  kelas X supaya ngumpul ing :
dina             : Kemis,
tanggal        : 20 Juli 2007,
wanci          : jam 15.30 WIB,
panggonan  : ing kelase dhewe-dhewe,
kaperluan    : ngrembug bab pranatan kelas anyar.
Wara-wara iki wigati banget, mula kanggo para siswa anyar kelas X prayogane, kabeh bae bisa nekani patemon iku !
Wara-wara ing ndhuwur migunakake basa apa ?
  1. Basa ngoko lugu.
  2. Basa krama inggil.
  3. Basa krama desa.
  4. Basa krama madya.
  5. Basa kedhaton (bagongan).

5.
Wara-wara mau mligi katujokake kanggo sapa ?
  1. Para siswa  SMA Negeri 2  Sragen.
  2. Para siswa anyar kelas X.
  3. Para siswa kelas X.
  4. Para siswa kelas XI.
  5. Para siswa kelas XII.

6.
Kacarita, dhek jaman kuna ana bocah sing rupane persis kendhil. Kulite ireng, wetenge mlenthuk, dedege cendhek lan cangkeme amba. Sirahe lancip kaya kendhil ditutupi kekep kae. Amarga saka rupane ala, Jaka Kendhil ora disenengi kancane sadesa. Mula Jaka Kendhil yen dolan, iya ijen wae. Jaka Kendhil tau dolan tekan alas sing ana sendhange apik banget.
Paragraf ing dhuwur kalebu paragraf ....
  1. Narasi.
  2. Deskripsi.
  3. Eksposisi.
  4. Persuasi.
  5. Argumentasi.

7.
Kanggo nguri-uri basa Jawa kudu dilandhesi sikap Positif  marang basa Jawa. Sikap nyata sing bisa diwujudake yaiku ....
  1. Koleksi buku basa Jawa.
  2. Manggon ing tanah Jawa.
  3. Omongan nganggo basa Jawa.
  4. Nyandhang nganggo cara Jawa.
  5. Duwe bojo wong Jawa.

8.
Gatekna pacelathon ing ngisor iki !
Siti   : “Tinimbang nganggur, ayo pada cangkriman !”
Rina : “Manut, kowe apa aku dhisik sing nyangkrimi ?”
Siti   : “Aku dhisik ya, rungokna ! Durung pati-pati mudhun yen durung nggawa mrica sakconthong. Apa hayo ...?!?”
Rina : “Apa yaaa ?”
Rina rewangana mikir lan mangsuli cangkrimane Siti. Kira-kira batangane ....
  1. Kates.
  2. Pelem.
  3. Degan.
  4. Gedhang.
  5. Nangka.

9.
Pacelathon ing dhuwur migunakake basa ....
  1. Ngoko lugu.
  2. Ngoko andhap.
  3. Ngoko alus.
  4. Ngoko madya.
  5. Ngoko desa.

10.
     “.... Yok apa Cak, ndhuk kampung sampeyan wis mulai onok perlombaan-perlombaan tah gae ngramekna pitulas Agustusan, nek dhuk kampungku wis mulai, mau bengi nganakna lomba mewarnai gae arek-arek TK, terusan engkuk bengi lomba gae arek-arek remaja, onok balap karung, nuthuk kendhi, mangan krupuk, sepeda lambat, lomba nggawa neker ndhuk sendhok. Terus emben lombane bapak-bapak barek ibu-ibu ....”
Nitik saka tembung lan ukarane, pacelathon ing dhuwur migunakake basa logat ing wewengkon ....
  1. Surakarta.
  2. Banyumas.
  3. Jakarta.
  4. Surabaya.
  5. Bandung.

11.
Yen padha gelem ngrumangsani, kadang tani iku gedhe banget lelabuhane marang sapadha-padha. Lha piye, wong gagahe kaya Raden Gatutkaca, pintere kaya profesor, utawa sugihe kaya konglomerat, nanging yen tanpa mangan lan ngisi weteng ora bakal bisa apa-apa. Kamangka meh kabeh sing dipangan manungsa iku, amarga saka tumandange para kadang tani. Wiwit saka nandur winih, ngopeni, nganti panen, kabeh ditindakake para kadang tani.
Paragraf ing dhuwur nyritakake bab apa ?
  1. Kadang Tani.
  2. Raden Gatutkaca.
  3. Profesor.
  4. Konglomerat.
  5. Manungsa.

12.
Gagasan baku paragraf ing dhuwur yaiku ....
  1. Yen padha gelem ngrumangsani.
  2. Kadang tani iku gedhe banget lelabuhane.
  3. Tanpa mangan lan ngisi weteng ora bakal bisa apa-apa.
  4. Tumandhange para kadang tani.
  5. Kabeh sing dipangan manungsa.

13.
Ing ngisor iki pirantine para kadang tani, kajaba ....
  1. Garu.
  2. Luku.
  3. Pacul.
  4. Arit.
  5. Ani-ani.

14.
Negara sing rata-rata kawulane makarya utawa urip saka hasil tani, diaranai negara ....
  1. Agriculturis.
  2. Agroculturis.
  3. Agrariaris.
  4. Agraris.
  5. Agraculturis.

15.
Yen diumpamakake barlean, pantai Nusa Penida kaya mutiara sing cemlorot putih. Nanging yen diumpamakake wong wadon kaendahane kaya prawan kencur. Sanepa mau saktleraman pancen ketok sajak ngluwih-ngluwihake, nanging pancen kaya mangkono kasunyatan kang cocog kanggo nggambarake kaendahan pantai Nusa Penida. Pantai kang ana ing sisih kidul kutha Denpasar Bali.
Paragraf ing dhuwur kalebu paragraf ....
  1. Narasi.
  2. Deskripsi.
  3. Eksposisi.
  4. Persuasi.
  5. Argumentasi.

16.
Karangan sastra umume karangan kang duwe watak ....
  1. Narasi.
  2. Deskripsi.
  3. Eksposisi.
  4. Argumentasi.
  5. Persuasi.

17.
Manut pandhapuking ukara, wacan ing dhuwur migunakake paragraf ....
  1. Deduktif.
  2. Ineraktif.
  3. Induktif.
  4. Campuran.
  5. Atraktif.

18.
Ukara kang dadi pokok pikiran utama saka wacan ing dhuwur yaiku …

a.    Yen kakunge dadi guru, mula bojone undang-undangane bu guru.
b.    Yen kakunge dadi dokter, bojone undang-undangane ya bu dokter.
c.    Para pawestri ing nguni gumantung marang beja cilakane sing kakung.
d.    Swarga nunut neraka katut
e.    Yen pegawe sing isih aktif diparingi kenaikan gaji utawa tunjangan, para pensiunan uga diparingi.

19.
Apa tegese narasi iku ?
  1. Cerita.
  2. Lukisan.
  3. Paparan.
  4. Pendapat.
  5. Ajakan.

20.
Gedhang goreng iku rasane enak banget. Gawene uga gampang lan bahane cukup gedhang, tepung terigu lan gula. Supaya mantep ditambahi uyah sacukupe. Tepung terigu lan  gula dicampur banjur diuleni, lan gedhang dicemplongake. Sawise iku banjur digoreng nganti mateng. Gedhang goreng enak yen didhahar nalika isih panas.
Paragraf ing dhuwur kalebu paragraf ....
  1. Narasi.
  2. Deskripsi.
  3. Eksposisi.
  4. Persuasi.
  5. Argumentasi.

21.
Aku didukani Pak Guru, amarga lali ora nggawa LKS basa Jawa. Manut wasesane ukara iki diarani ....
  1. Ukara tanggap.
  2. Ukara tanduk.
  3. Ukara pakon.
  4. Ukara hagya.
  5. Ukara lamba.

22.
Karangan kang isine laporan prastawa diarani ....
  1. Naratif.
  2. Diskriptif.
  3. Eksposisif.
  4. Argumentatif.
  5. Persuasif.

23.
Apa tegese Deskripsi iku ?
  1. Cerita.
  2. Lukisan.
  3. Paparan.
  4. Pendapat.
  5. Ajakan.

24.
“.... Nang jarene bus, waktu nyong balik sing Semarang, nyong weweh dhuwit maring bocah sing ngamen nang jero bus, ora dinyana-nyana nyong diemutaken radan sengol dening penumpang nom-noman sing jagong nang ngiringanku. Omongane nom-noman mau antarane kaya kiye ....”
Nitik saka tembung lan ukarane, pacelathon ing dhuwur migunakake basa logat ing wewengkon ....
  1. Surakarta.
  2. Banyumas.
  3. Jakarta.
  4. Surabaya.
  5. Bandung.

25.
Menawa gawe wara-wara, basane kudu  komunikatif.  Tegese komunikatif  yaiku ....
  1. Basane ora ngayawara.
  2. Nganggo tembung-tembung sing prasaja.
  3. Basane ringkes.
  4. Isine ringkes.
  5. Basane gampang ditampa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar