Panatacara yaiku wong kang dipercaya
ngatur utawa nata lakune acara. Ing madyane babrayan (masyarakat) panatacara
uga kerep sibet/ diarani, protocol, MC (Master of Ceremony) utawa pembawa
acara, panata adicara, pranata adicara, juru wicara, paniti laksana. Mungguh
bakune ayahan lan jejibahane yaiku nglantarake laku cak-cakane acara ing
sawijining pasamuwan (kumpulan, pista, sarasehan), temantenan, pahargyan,
sunatan, kematian, seminar, rapat lan liya-liyane. Jejibahane panatacara iku
luwih abot tinimbang pamedhar sabda. Tugas jejibahane pamedhar sabda iku wiwite
nalika dheweke kadhapuk dening panatacara lan rampunge nalika dheweke wis
kasembadan medharake apa kang dadi gatine pasawuan iku. Kang kaya mangkene iki
beda karo kang diayahi/ diemban/ dilakoni dening panatacara. Jalaran panatacara
kudu wis tumandang gawe wiwit isih arupa rantaman. Rancangan kang kudu digawe
bareng dening panitia. Yen diperdhil mungguh jejibahan lan cak-cakane
panatacara iku kaya mangkene:
1) Panatacara kudu teka ing dhapukane panitia
(pembentuk panitia) sarta weruh dum-dumane tugas wong siji lan sijine. Sarta
apal sapa sing tanggung jawab, sapa kang nindakake, kepriye carane nindakake,
kapan wektune lan apa ubarampe kang dibutuhake.
2) weruh apa kang dadi bakune prastawa (maksud
dan tujuan kegiatan).
3) panatacara kudu bisa ngacarani (memandu)
kabeh acara kanthi apal tanpa teks.
4)panatacara kudu bisa nyebut/ ngarani
samubarang (sesuatu) kanthi bener lan jangkep (lengkap) umpamane: ngarani
asmane wong kudu bener lan lengkap sakgelare (jabatan), jam, dina, tanggal,
minggu, sasi lan taun uga kudu trep, papan panggonan, desa utawa kutha uga kudu
bener lan trep.
5) panatacara kudu bisa tanggap lan miturut apa
kang dadi panjaluke kang duwe gawe lan uga tanggap karo tuntunane (arahan)
ketua panitia.
6) panatacara kudu bisa gawe resep endahe
swasana lan weruh ubarampe (alat) kang dibutuhake.
7) Yen ing temanten, panatacara kudu bisa
njumbuhake (menyesuaikan) metune suguhan, unjukan, dhaharan, lelangen (hiburan)
lan acara liyane.
8) Panatacara uga kudu bisa ngendhaleni
(mengatur) swasana amrih laku trep karo rantaman (rancangan).
9) Kanggo ngrancagake laku, panatacara bisa
nganthi (nyertakan) paraga bantu kang tugas jejibahane; mawas kridhaning
panatacara (monitoring), aweh pamrayoga (memberi saran) amrih lakune panatacara
bisa lancar lan liyane.
Kaya mangkono iku kang dadi sengsanggeman utawa
jejibahane panatacara. Amrih bisane lumaku apik. Kabeh kang diandharake mau
kudu dimengerti lan uga ditrepi. Kajaba saka iku kaya kang kasebut ing nomer 6,
yen panatacara iku kudu bisa gawe resep endahe swasana. Resep endahe swasana
iku ing antarane uga bisa saka panganggone basa kang digunakake. Panatacara
kudu pinter nggunakake basa, milih tetembungan lan ngrakit ukara cundhuk karo
paramassastra. Wose (intinya) basa kang apik iku uga komunikatif, lire gampang
dimengerti tumrap wong kang ngrungokake.
Tuladha teks Panatacara (Contoh untuk teks
Panatacara)
Tuladha Panatacara ing Maulid Nabi Muhammad
saw.:
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Nuwun,
Dhumateng panjenenganipun Bapak Kepala Sekolah SDN Wilangan Sambit ingkang
minulya, Bapak/ Ibu guru saha karyawan karyawati ingkang kinurmatan, para
lenggah ingkang winantu agunging pakurmatan, saha kanca-kanca ingkang kula
tresnani.
Lumintuning puja dala puji mugia tansah konjuk dhumateng ngarsanipun Gusti
ingkang Maha Agung. Inggih awit saking kamirahanipun saha kaparengipun kita
sedaya taksih saged kempal manunggal kanthi kebak ing karaharjan, ketentreman,
kabagyan saha kabagaswarasan. Ugi boten kasupen, sholawat dalah salam mugia
tetep kaluberaken dhumateng Nabi Agung Muhammad sholallahu ‘alaihi wassalam.
Ingkang sampun suka paring pitedah dhumateng kula saha panjenengan sedaya ing
margining gesang ingkang kebak kasaenan. Saha dhumateng Panjenenganipun sanget
kaajeng-ajeng pitulunganipun benjang ing dinten kiyamat.
Para rawuh kakung saha putrid ingkang winantu ing suka rahayu. Kaparenga kula
angaturakeh menggah urutaning rantaman adicara ing pengetan Maulid Nabi
Muhammad Saw. Samangke punika.
1) Pambuka.
2) Waosan ayat suci Al Qur’an.
3) Atur pangandikan saking pangarsa panitia.
4) Medhar Sabda saking Bapak Kepala Sekolah.
5) Sabda tama tausiyah saking Panjenenganipun
Bapak Kyai H. Masyudi Achmad M.Si.
6) Donga.
7) Panutup.
Mekaten rantaman reroncening adicara pengetan Maulid Muhammad s. a. w.
sumangga, kaparenga sami ngenut lampahing pahargyan punika kanthi sakeca saha
mardikaning panggalih.
Ing selajenipun, adicara ingkang angka sapisan pambuka. Sumangga adicara
pahargyan punika kabuki sesarengan kanthi waosan basmallah.
Wondene adicara ingkang kaping kalih waosan ayat suci kalamullah Al Qur’anul
karim. Nuwun kawula nuwun, kalaning Ayat suci Al Qur’an kawaos, dhumateng para
rawuh ingkang katemben ngayahi pakaryan, kersaa lerem sawatawis. Dhumateng rayi
mas Badruddin, sasana saha pandayaswara kula aturaken. Sumangga ………….
Mekaten kalawau menggah swatenipun ayat-ayat suci Al Qur’an sampun kawaos.
Mugya andayani kesaenan dhumateng kita sadaya, temahan saged ambekta lancar
saha rancagipun adicara pengetan punika.
Tumapak adicara ingkang kaping tiga, Medhar sabda saking Panjenenganipun Bapak
Kepala Sekolah SDN Wilangan Sambit. Dhumateng Bapak Kepala Sekolah SDN
Wilangan, wekdal, sasana dalah pandayaswara kula aturaken sakwetahipun.
Sumangga…
Acara salajenipun sabda tama tausiyah saking panjenenganipun Bapak Kyai H.
Masyudi Achmad M. Si. Dhumateng Bapak Kyai H. Masyudi Achmad, wekdal, sasana
dalah pandayaswara kula aturaken. Sumangga….
Terang trawaca dhawuh pangandikan saking Bapak Kyai H. Masyudi Achmad M. Si.
Mugi-mugi punapa ingkang dipunggnedikakaken sageda katindakaken wonten ing
gesang punika. Amin Ya Robbal ‘alamin. Adicara salajengipun donga. Dhumateng
Kyai H. Hasyim, wekdal, sasana dalah pandayaswara kula aturaken.
Adicara ingkang karantaman sampun kasil lulus kalampahan kanthi lancar saha rancag.
Saderengipun adicara punika dipun tutup, kula minangka titah sawantah, menawi
wonten sedaya kalepatan, wiwit saking muna-muni, solah bawah, tata karma, saha
samudayanipun ingkang kirang nuju prana, mawantu-wantu, kula nyuwun agengipun
pangaksami. Wasana sumangga adicara pengetan Maulid Nabi Muhammad s. a. w.
punika katutup sesarengan kanthi waosan hamdalah.
Bilahitaufik wal hidayah, wassalamu ‘alaikun wr.
wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar