Tembung ing basa Indonesia diarani kata.
Tembung iku swara lan campurané swara kang metu
saka pocapan. Tembung uga nduwé
teges gabungané aksara kang nduwé arti ing sawijining basa.
Tembung saroja
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Tembung saroja iku tembung kang rinakit seka rong (2) tembung kang (mèh) padha
tegesé lan bisa nuwuhaké makna kang luwih teges. Bisa maknané perkara kang ana
sesambungané, bisa uga kahanan kang mbangetaké.
Tuladha:
- sato kéwan = perkara kéwan
- ayem tentrem = tentrem tenan
- tepa tuladha = tuladha
- tresna asih = asih tenan
- colong jupuk = perkara nyolong utawa kagiatan nyolong.
Tembung lingga
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Tembung
lingga iku tembung sing durung owah
saka asalé (tembung asal). [1][2]
Tembung lingga duwé teges kang bisa béda nalika wis diwènèhi ater-ater
utawa panambang
kang banjur dadi Tembung Andhahan. [3]
Saben tembung lingga bisa ndadekake tembung andhahan.[4]Tuladha:
Tembung lingga semu
Tembung lingga semu inggih menika ambalan semu bentuk bahasa ingkang nuduhaken tembung ambal murni. Bentuk menika boten saged dipunpisahaken,boten nedahaken teges kados makna tembung ulang murni umumipun. lingga semu dipunbedaken kalih macem, inggih menika :- . tembung ambal semu ingkang saged dipunlacak
- ula-ula
- aling-aling
- undur-undur
- uget-uget
- tembung ambal ingkang boten saged dipunlacak
- ali-ali
- alang-alang
- api-api
Tembung andhahan
(Dipunpindhah saking Tembung Andhahan)
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Tembung Andhahan iku tembung kang wus owah seka
asliné (tembung lingga). Ing basa
Indonesia, tembung andhahan diarani kata jadian. Tambahan saka tembung
lingga iku bisa arupa siji utawa campuran seka:
Umpamane:
- katresnan seka ka+tresna+an.
- lumingsir seka lingsir antuk sisipan um.
Tembung tanggap
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Tembung tanggap yakuwi tembung lingga jroning Basa Jawa sing diwuwuhi ater-ater
tripurusa (dak-, ko-, lan di-) lan seselan -in. Jinisé tembung tanggap anapapat[1].
- Tembung tanggap tripurusa, yaiku tembung lingga sing diwuwuhi ater-ater tripurusa. Tuladha: dakpangan, kojupuk, dibalangi.
- Tembung tanggap na, yaiku sing diwuwuhi seselan -in. Tuladha: tinulis, sinengkakaké.
- Tembung tanggap tarung, yaiku tembung dwilingga sing diwuwuhi seselan in tripurusa. Tuladha: sawang-sinawang, serat-sinerat.
- Tembung tanggap ka, yaiku tembung tanggap sing diwuwuhi ater-ater ka-. Tuladha: kaobong, kagéndhong.
Tembung tanduk
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Tembung tanduk yaiku tembung lingga jroning Basa Jawa sing olèh ater-ater hanuswara
(m-, n-, lan ny-). Ana telung jinis tembung tanduk, yakuwi:
- Tembung tanduk kriya wantah, yaiku tembung sing ora olèh panambang. Tuladha: maju, ngadeg, nyapu.
- Tembung tanduk i- kriya, yaiku tembung tanduk sing olèh panambang i. Tuladha: nulungi, ngumbahi, nyaponi.
- Tembung tanduk ke- kriya, yaiku tembung tanduk sing diwèmèhi panambang -ké utawa -aké. Tuladha: nyèlèhaké, nuduhaké, mbalèkaké.
Tembung garba
(Dipunpindhah saking Tembung Garba)
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Tembung garba yaiku tembung kang asliné seka
tembung loro (2) utawa luwih kang dadi wujud anyar.
Umpamane:
- ana + ing ---> anèng
- siti + inggil ---> sitinggil
- nara + indra ---> narendra
- prapta + ing ---> prapteng
- tumuju + ing ---> tumujweng
- maha + resi ---> maharsi
- parama + iswari ---> prameswari
Tembung saroja
(Dipunpindhah saking Tembung Saroja)
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Tembung saroja iku tembung kang rinakit seka rong (2) tembung kang (mèh) padha
tegesé lan bisa nuwuhaké makna kang luwih teges. Bisa maknané perkara kang ana
sesambungané, bisa uga kahanan kang mbangetaké.
Tuladha:
- sato kéwan = perkara kéwan
- ayem tentrem = tentrem tenan
- tepa tuladha = tuladha
- tresna asih = asih tenan
- colong jupuk = perkara nyolong utawa kagiatan nyolong.
Tembung Èntar
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Tembung Éntar yaiku tembung kang tegesé ora
kaya makna saluguné (kata kiasan).Utawa tembung kang ora kena ditegesi
sawantahe baé sinebut uga ing basa Indonesia tembung silihan .
Tuladhané:
A
01. abang kupingé =
nêsu bangêt
02. (ng)abangké
kuping = gawé nêsu
03. abang abang lambé
= ora têmênan, mung lêlamisan
04. abang rainê =
nandhang isin (wirang)
05. adol ayu =
ngêndêlake ayuné
06. adol bagús =
ngêndêlaké bagusé
07. adol gawé = ngatonake
pênggawéyané
08. adol kringêt =
nyambut gawé
09. adol kwanèn =
ngêndêlake kwanèné
10. adol krungon =
golèk golèk warta/kabar
11. adol séndhé =
adol barang mênyang gadhèn
12. adol umbag/umuk =
akèh omongé, ning ora ana nyatané
13. adus getíh = tatuné
nêmên bangêt
14. adus kringêt =
nyambut gawé, abot bangêt
15. adus luh = nêmên
anggoné nangís
16. akèh sandhungané
= akèh alangané
17. ålå jênêngé =
kurang dipêrcåyå
18. ålå kandhutané =
ålå wataké
19. ålå tembungé =
têmbungé kasar/saru
20. alus tembungé =
kêpénak dirungokaké
21. åmbå jangkahé =
bisa ikhtiyar mrana-mrana
22. apus kråmå =
dibujuki/diapusi cara alus
23. asor budiné =
bêbudèné ålå
24. asor yudané =
kalah
25. ati dhóndhóng =
atiné ålå
26. atiné ånå wuluné
= atine ålå/dêngki
B
01. (m)balang liríng
= nglirik mripat
02. bau suku =
abdi/batur
03. bau têngên = wong
kang dipercåyå
04. bêning atine =
sumèh
05. (m)buang sangkal
= ngilangi/mbuang apês
06. (m)bukak wadi =
ngandhakaké wêwadiné
07. (m)buang tilas =
nutupi tumindaké sing ålå
C
01. cagak lèk =
camilan supaya bêtah mêlèk
02. cagak urip =
kanggo nyukupi kêbutuhan uripé
03. cancut taliwåndå
= tandang gawé
04. cangkêm gatêl =
sênêng ngrasani/nggunêm
05. cêdhak umuré =
gêlis mati
06. cêpak jodhone =
gêlis olèh jodho
07. cêpak rêjêkiné =
gampang olèh rêjêki
08. cilik atiné =
kuwatir/wêdi
09. cupêt atiné =
gampang nêsu
10. cupêt budiné =
ora bisa nggayúh kautaman
11. cupêt jangkahé =
ora biså golèk sarånå
12. cupêt nalaré =
ora biså mikirake wêrna-wêrnå
13. cupêt pangandêlé
= ora percåyå
D
01. dadi gawé =
ngrépotaké
02. dåwå-dåwå ujå =
perkårå kang ora uwís uwís
03. dåwå tangane =
sênêng nyólóng jupúk
04. (n)dhêdhêr
kautaman = nandur kêbêcikan
05. dhuwúr atiné =
gumêdhé
06. dhuwúr pangkaté =
dadi wóng pangkat/panguwasané
E
01. êmpuk rêmbugé = gunêmé
énak dirungokaké
02. êntèk atiné =
kêwêdèn/kuwatir bangêt
03. ènthèng sanggané
= ora rêkåså
04. ènthèng tangané =
sênêng tandang gawé
G
01. (ng)gadho ati =
gawé susah ati
02. gantung kêpuh =
sandhangané ora tau ganti
03. (ng)gantung untu
= sêlak kêpingin mangan
04. gêdhé atinée =
tatag; ora kuwatir
05. gêdhé êndasé =
sómbóng (kêmlungkung)
06. gêdhé ómónge =
umúk ora ånå nyatané
07. gêdhée tékadé =
ora gampang pasrah
08. (ng)gêdhèkaké
pulúk = ora ånå prihatiné
09. (ng)gêgêm tangan
= kêsèd nyambut gawé
10. gilig rêmbugé =
rêmbugane pasti/mêsti
11. gilig tekadé =
tékadé ora bakal mundúr
12. (ng)gilud kawrúh
= golèk ilmu kanthi mêmpêng
13. golèk slamêt =
ati-ati supaya, ora cilåkå
14. golèk uríp =
nyambut gawé nggo nyukupi butuhé
I
01. idu gêni =
omongan tansah kêlakon
02. ilat mati = ora
bisa ngrasakaké
03. ilang klilipé =
ilang mungsuhé
J
01. jåkålårå = rikålå
nóm-é rêkåså
02. jêmbar dhadhané =
sugíh pangapurå; sabar bangêt
03. jêmbar kawruhé =
akèh ngilmuné
04. jêmbar kuburé =
mlêbu swarga
05. jêmbar polatané =
sumringah
06. jêmbar sêgarané =
sugih pangapura; sabar
07. jêro kawruhé =
akèh ngilmuné; pintêr
K
01. kådålu warså =
kasèp; wis kliwat
02. kandel kulité =
digdåyå; sêkti
03. kandel kupingé =
ora nggugu pitutúr
04. kaku atiné =
tansah ora sarujuk/sulåyå
05. kasar têmbungé =
têmbung saru
06. katon dhadhané =
wani adu arêp
07. kêgugah atiné =
sadar/élíng
08 kêlèpètan ålå =
katut ålå
09. kêmbang lambé =
tansah digunêm kêbêcikané
10. kakèhan tangan =
kakèhan sing nyandhak
11. kêmbang uríp =
lêlakone wong urip wêrna-wêrna
12. kêna
tinênga-tênga = kêna disambati
13. kêncêng karêpé =
kêkarêpane kudu kêturutan
14. kêncêng tékadé =
tékadé ora bakal mundúr
15. kulak wartå =
golèk kabar/wartå
16. kuwat drajat =
cocok dadi pêmimpin/panguwåså
17. kuwat isín = mblêbês
ora isinan
18. kuwat mangan =
mangané akèh
L
01. lambé tipís =
criwis/akèh omongé
02. landhêp dhêngkul
= kêthul bangêt
03. landhêp pikirané
= pintêr bangêt; gampang ngêrti
04. lårå ati = sêrík
atiné
05. lårå ayu = lårå
cacar
06. lårå owah = édan;
gêndhêng
07. larang pangan =
pacêklík
08. lóbók atiné =
sabar
09. luhúr budiné =
kêlakuane bêcík/apík
10. luhúr drajaté =
dadi wong pangkat/panguwåså
11. lurús lakune =
jujúr
12. lumah tangan =
ora gêlêm cawé-cawé
13. lunyu ilaté =
gunêmé méncla-ménclé
M
01. manís èsêmé =
èsêm ngrêsêpakaké ati
02. manís rêmbugé =
guneme nyênêngaké ati
03. mårå tangan =
sênêng gawé lårå/milårå
04. måså bodhoå =
pasrah
05. måtå dhuwitan =
srakah marang dhuwít
06. måtå loro =
mangro tingal
07. matèni pangané =
gawé ilang panguripané
08. matêng kawruhé =
mumpuni; kawruhé wis tutúg
09. matêng rêmbugé =
gunêmé wís disarujuki
10. mati sandhang
pangané = ilang dalané golèk panguripané
11. mati rågå =
prihatin; tåpå, tirakat
12. mêdhót dalan =
ora ditêrusaké
13. métani luputé =
nggolèki salahé
14. mêrês kringêt =
nyambut gawé mêmpêng
15. mêrês pikír =
têmênan anggone mikiraké
16. mogèl ilaté =
mangan sing sarwa énak
17. mógól sinauné =
ora tutúg sêkolahé
18. murang tåtå =
kurang ajar, ora duwé dugå
N
01. nandhang sungkåwå
= lagi susah
02. nandur kêbêcikan
= gawé kêbêcikan
03. ngadu wulêding
kulít = adu kêkuwatan
04. ngangsu kawrúh =
golèk ngèlmu/mêguru/sekolah
05. ngatonaké siyungé
= nuduhake kêkuwatané/ kuwanèné
06. ngatonake
dhadhané = umúk, sumbar
07. ngêkêp dhêngkul =
nganggur ora nyambut gawé
08. ngêndhalèni håwå
napsu = nyêgah kêkarêpan ålå
09. ngêpuh kringêt =
nyambut gawé mêmpêng
09. ngêmut driji =
ora oleh åpå-åpå
10. nyolok måtå =
kêtårå banget
O
01. olèh ati =
disênêngi
02. olèh gawé =
kalêksanan
03. olèh wirang =
kisinan
04. olèh lårå =
kalaran
05. ora duwé ati =
kuwatir bangêt, wêedi
06. ora mêlèk = ora
ngêrti
07. ora ngundhuh =
ora oleh åpå-åpå
P
01. padhang dalan =
mlêbu swargå
02. padhang håwå =
lair ing donyå
03. padhang langité =
sênêng
04. padhang pikiré =
lêga sênêng
05. padhang ulaté =
sumèh
06. pait gêtiré uríp
= warnå-warnå lêlakoné wong uríp
07. paít lêlakoné =
uríp rêkåså
08. panas atiné =
nêsu bangêt
09. pêcah pamóré =
wís ngancík diwåså
10. pêcah pikír =
wiwít biså golèk srånå
11. pêdhês rêmbugé =
gunêmé gawé sêrík
12. pêrih atiné =
susah bangêt
13. pêtêng
atiné/pikiré = susah
14. pinggêt atiné =
sêrik
15. pulíh gêtihe =
pak-puk, ora kalah ora mênang
16. puput yuswå =
mati, sédå
R
01. rai gêdhèg = ora
duwé isín
02. (ng)rênggå pråjå
= njågå negårå
03. (ng)renggå salirå
= dandan/macak
04. runtúh atiné =
tuwúh wêlasé
05. rupak atiné =
cugêtan/ora gampang ngapurå
06. rupak jagadé =
judhêg; ora bisa mrånå-mrånå
S
01. sabuk gêlang =
sawahé akèh bangêt
02. sêpi kawruh =
bodho/ora duwé ilmu
03. sêpi pamríh = ora
duwe pamríh
04. sêrêt rêjêkiné =
ora gampang golèk rêjêki
05. sêsak dhadhané =
mangkêl/anyêl
06. sumpêg atiné =
susah/sêdih
T
01. tadhah kålåmångså = dipangan
02. tadhah udan =
lirangan gêdhang síng dhuwúr dhéwé
03. tatu atiné =
sêrík bangêt
04. tanpa tilas =
êntèk blas
05. tipís lambéné =
criwis, sênêng nggunêm wóng liyå
06. thukúl pikiré =
nduwé akal
07. thukúl turuné =
nduwé anak
U
01. udan tangis =
akèh síng pådhå nangisi
02. ulat pêtêng =
katon nêsu
03. ulat manís =
sumèh
04. utang lårå = tau
nggawé laran wóng liyå
05. utang nyåwå = tau
nggawe patine wóng liyå
06. utang pati = tau
nggawe patiné wóng liyå
07. utang wirang =
tau nggawe wirangé wóng liyå
W
01. walang ati =
sumêlang/kuwatír
02. wani mati =
nékad/kêndêl bangêt
03. wani silit wêdi
rai = ora wani têrang-têrangan
04. wêtêng kadit =
drêmba/ora tampikan
05. wêtêeng karèt =
panganané akèh
06. wêdi gêtíh =
jiríh/ora wani
07. wêdi kangèlan =
lumuh/kêsèd
Tembung camboran
(Dipunpindhah saking Tembung Camboran)
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Tembung camboran (basa Indonesia: kata majemuk), kuwi rong tembung utawa luwih
kang digandhèng dadi siji ngliwati sawijining prosès morfologi. Prosès morfologi yakuwi prosès owah-owahan saka
morfem dadi polimorfem, sing nduwèni kategori lan makna wutuh, saéngga
polimeorfem iku disebut tembung. Jroning basa jawa, ana telung prosès morfologi
sing disinaoni, yakuwi: prosès wuwuhan (pengimbuhan), prosès rangkep
(pengulangan), lan prosès camboran (pemajemukan). Prosès camboran (pemajemukan)
yaiku prosès panggabungan morfem dhasar, sing biasa digabung yakuwi lingga karo
lingga liyané. Camboran dipérang dadi loro, yaiku: camboran wutuh lan camboran
udhar. Camboran wutuh minangka camboran sing konstruksiné digabung, saéngga
ngasilaké siji makna. Déné camboran udhar arupa camboran sing konstruksiné
kapisah lan maknané isih digabung, saliyané kuwi unsuré isih bisa digolèki.
Miturut wutuh orané
Miturut wutuh orané, tembung camboran iki kapérang dadi loro, yakuwi:- Tembung cambaoran wutuh, contoné: sisib sembir, baya pakéwuh, raja lélé lsp.
- Déné wujud sijiné yakuwi wis dicekak (wancah). Contoné: bangjo: abang-ijo, barji barbèh: bubar siji bubar kabèh, gaji wakma: sega siji iwaké lima, nasgithel:panas legi kenthel lsp.
Miturut hubungan wanda
Miturut hubungan wanda siji lan sijiné, tembung camboran bisa dipilah dadi telu, yakuwi:- Tembung camboran kang nduwèni teges sadrajad. (kopulatif). Contoné: gedhé cilik, tuwa nom, sumbang surung, sandhang pangan lsp. Reroncèn tembung bisa uga ditambahi tembung "lan" utawa"saha".
- Tembung camboran kang tembung kapidhoné nerangaké tembung kapisan (determinatif). Contoné: jambu kapuk, pelem gadhung, manuk dara, lsp.
- Tembung camboran kang tembung kapisan nerangaké tembung kapindhoné. Conto: Parama sastra = sastra kang parama (linuwih), Pandhu putra = putrané Pandhu, lsp.
Tembung garban
Tembung camboran kang sambungan (sandhi) né awujud wandamenga (basa Indonesia: suku kata terbuka) lan wanda aksara swara (vokal), tembung-tembung kasebut banjur bisa luluh (ginarba) dadi siji dadi swara anyar. Tembung kuwi banjur disebut tembung garban. Tuladha:- a + a = a
Kusuma + astuti = kusumastuti
- a + i = e
Teka + ing = tekèng
Ira + iku = irèku
- a + e = e
Warna + edi = warnèdi
- a + u = o
Wira + utama = wirotama
- i + a (i,e,o,u) = y
Sami + oncat = samyoncat
- u + a (i,e,o,u) = w
Tumuju + ing = tumujwèng
Sawetara
ater-ater utawa panambang kang wanguné kaya wanda kasebut uga dadi
sandhigarban. Tuladha:- sa +ulah = solah
- sami + a = samya
- ke + legi + an = kelegèn
·
Tembung rangkep
·
(Dipunpindhah saking Tembung Rangkep)
·
Langsung menyang: pandhu arah, pados
·
Tembung
Rangkep (Basa Indonésia: Kata ulang), kuwi sakabèhing tembung (senadyan mung sawanda), kang diwaca kaping pindho.
Tembung Rangkep iki dibédakaké dadi telung werna, yakuwi: tembung dwilingga,
tembung dwipurwa lan tembung dwiwasana
Miturut owah orané lingga
- Dwilingga padha swara, yakuwi tembung kang diwaca kabèh linggané kaping pindho. Tuladhané: ibu-ibu, bapak-bapak, ésuk-ésuk, ramé-ramé.
- Dwilingga salin swara, yakuwi tembung kang diwaca kaping pindho nanging ana wanda vokal kang owah. Tuladhané: mloka-mlaku, mleba-mlebu, meta-metu, mrana-mréné.
Miturut tegesé
Tembung dwilingga bisa dipérang miturut tegesé utawa dadiné, yaiku:- Dadi tembung aran. Tuladha: undur-undur, uget-uget, alang-alang, ari-ari, ali-ali.
- Dadi tembung kahanan. Tuladha: mangar-mangar, kelap-kelip, rintik-rintik.
- Mbangetaké. Tuladha: Aja asin-asin (aja asin banget), Aja seru-seru (aja seru banget).
- Tansah. Tuladha: Wis ajar kok ora isa-isa (tansah ora bisa), Arep wiwit maca kok lali-lali waé (tansah lali).
- Senadyan. Tuladha: Alon-alon (senadyan alon), cilik-cilik (senadyan cilik).
- Wektu. Tuladha: Awan-awan, bengi-bengi, bedhug-bedhug.
- Paling. Tuladha: Murah-murahé, akèh-akèhé, larang-larangé.
Tembung Dwipurwa
Tembung Dwipurwa kuwi tembung kang diwaca kaping pindho mung ing wanda kang pisanan baé. Tuladha: dedunung, tetuku, lelaku, leluri,sesawangan.Tembung Dwiwasana
Tembung Dwiwasana kuwi tembung kang diwaca kaping pindho mung ing wanda kang kapindho (mburi). Tuladha: cekikik, cekakak, jelalat, mbedhudhug, jegègès,
Tembung rurabasa
(Dipunpindhah saking Tembung Rurabasa)
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Tembung rurabasa kuwi tetembungan sing ajeg
panganggoné sanadyan salah kaprah, nanging menawa dibeneraké malah dadi ora
lumrah. Tuladhané yaiku:
- mangan awan = mangan sega wanci awan
- mènèk klapa = mènèk wit klapa
- ndhudhuk sumur = ndudhuk lemah digawé sumur
- nglinting rokok = nglinting klobot digawé rokok
- nulis layang = nulisi dluwang supaya dadi layang
- nunggu manuk = nunggu sawah supaya pariné ora dipangan manuk
Miturut golongané tembung ana 10 werna, yaiku:
Miturut kelas tembung:
- Tembung kriya (Basa Indonésia: kata kerja utawa verba), tuladha: maca, nulis, mangan, nyapu
- Tembung aran (Basa Indonésia: kata benda utawa nomina), tuladha: méja, lemari, buku.
- Tembung sesulih (Basa Indonésia: kata ganti utawa pronomina), tuladha: aku, kula, kowé, panjenengan, iki, iku
- Tembung wilangan (Basa Indonésia: kata bilangan utawa numeralia), tuladha: setengah, papat, enem
- Tembung sipat/kaanan (Basa Indonésia: kata sifat utawa adjektiva), tuladha: seneng, susah, apik, putih
- Tembung katrangan (Basa Indonésia: kata keterangan utawa adverbia), tuladha: kulon, wétan, tengah, ngisor
Tembung tugas
- Tembung pangarep (Basa Indonésia: kata depan utawa preposisi), tuladha: ing, sing, saka, menyang
- Tembung panyambung (Basa Indonésia: kata sambung utawa konjungsi), tuladha: lan, sarta, wusana, mulané
- Tembung panguwuh (Basa Indonésia: kata seru utawa interjeksi), tuladha: ah. èh, adhuh, wah
- Tembung sandhangan (Basa Indonésia: kata sandang utawa artikel), tuladha: Sang, Raden, Hyang, Kyai
- Tembung partikel (Basa Indonésia: partikel), tuladha: -kah, -lah, -pun dan -tah
Tidak ada komentar:
Posting Komentar