Minggu, 22 Desember 2013

LAYANG

Surat utawa layang ing bahasa jawa keperang dadi pirang pirang
jenise layang :
1. layang ulem: kanggo ngundangi menawa ana mantu apa duwe gawe
2. layang leleyu: kanggo ngandani menawa ana kang lagi kepaten
3. layang dinas: kanggo ngandani menawa ana gawean saka kantor
4. lan sak panunggalane
bagian bagia layang yaiku :
1. SATATA BASA : Alamate layang bisa katulis pojok tengen utawa kiwa ing dhuwur.
2. ADANGIYAH : Tembung pamuji rahayu upamane :
    a. Rinengga sugenging pakurmatan.
    b. Tansah winantu suka basuki.
    c. Katentreman lan karahayon
    d. Winantu ing bagya mulya.
    e. Sembah sungkem.


3. PURWAKA : Nelakake kabar kaslametane kang kirim layang lan pangarep – arep supaya kang dikirimi uga slamet.
4. SURASA BASA : Isine layang, kekarepane layang.
5. WASANA BASA : Pungkasaning layang, tuladhane :
    a. Cukup semene dhisik liya wektu disambung maneh.
6. TITI MANGSA : Nelakake wektu panulisaning layang.
    Lamongan, 8 April 2013
7. PEPRENAH : Asale layang saka sapa tuladha :
a. Saking ingkang putra
b. Bapakmu ing omah
c.Adhimu saka paran, lsp
8. TAPAK ASMA / TANDHA ASMA : Tanda tangan kang gawe layang.
9. ASMA TERANG : Asma terang sing gawe layang.
Tuladha Layang :

Ing nigisor iki tuladha nggawe layang ijin ora mlebu Sekolah
Lamongan, 8 April 2013
Katur
Bapak/ibu Guru
MI Ta'limul Huda Pucuk
Lamongan
Assalamualaikum Wr.Wb.
Sesarengan serat punika kula wali murid saking :
Nami : Slamet Raharjo
Kelas : 2
Dinten : Senen
Tanggal : 8 April 2013
Nyuwunaken iji putra kula mboten mlebu sekolah amargi sakit.
Cekap semanten, saking kawigatesanipun kula matur nuwun.
Walaikumsalam Wr.Wb.
Saking Wali murid
H. Ali Yushofa
Ing nigisor iki tuladha nggawe layang pribadi

Lamongan, 8 April 2013
Katur                                       
Pak Dhe/Bu Dhe                       
Ing Dalem                                
       
Surabaya                                     
Ingkang sembah pangabekti.
Sesarengan surat menika ingkang putra ngaturi kabar, bilih bapak lan ibu saha adik-adik pinaringan wilujeng. Ingkang kula suwun Pak Dhe lan Bu Dhe inggih semanten ugi.
Pak Dhe lan Bu Dhe, benjang liburan tanggal 20 Mei 2013 liburan semester 2 , kula badhe liburan dateng dalemipun Pak Dhe lan Bu Dhe kaliyan adhik-adhik. Dene menawi Pak Dhe lan Bu Dhe kagungan wekdal kula dipunteraken dateng Owabong.
Wasana cekap semanten menawi wonten kelepatan atur kuala nyuwun pangapunten
Sungkem Kula
          
Sunarsih

Tidak ada komentar:

Posting Komentar