Dolanan bocah
(dolanan Jawa) kacipta ora mung kanggo sarana panglipur wuyung, iburan,
apadene kanggo ngisi wektu lodhang, ananging luwih saka kuwi, yaitu
minangka sarana lan wahana kanggo nanemake piwulang-piwulang kang aji
kanggo bocah, malah kepara uga kanggo wong tuwa.
Dolanan bocah uga
bisa dadi sarana kang maedahi kanggo marisake basa lan kapribaden Jawa.
Mligine dolanan bocah kang nganggo dikantheni tetembangan. Kanthi
dolanan sinambi tetembangan kang abasa Jawa, bocah kepeksa dadi kulina
nglapalke tembung-tembung Jawa. Apa maneh dolanan kang nganggo
dikantheni pacelathon, bisa ndadekake bocah kepeksa bisa mengerteni lan
ngetrapke unggah-ungguhing basa Jawa. Kayata, dolanan Bibi Tumbas Timun,
Soyang, Jaratu, lan liya-liyane.
Kejaba saka kuwi,
miturut andharane K.P.A. Koesoemadiningrat kang kaserat ing layang Serat
Rarywa Saraya (1913), pranyata tembang-tembang dolanan Jawa uga
ngandhut piwulang kang magepokan karo piwulang kapribaden.
Tembung kunci: pewarisan; bahasa; kearifan; Jawa; permainan; tradisional
A. Purwaka
Wus kaprah
dimangerteni menawa basa lan sastra Jawa mono mujudake sumber piwulang
babagan kapribaden kang adi luhung. Basa Jawa kanthi tataran
unggah-ungguhe cetha miwulangake marang kang celathu ngenani kepriye
anggone kudu tumindak apadene ngucap marang kang diajak caturan. Basa
Jawa mulangake tatakrama lan sopan santun ing jagading cecaturan, kang
sabanjure bakal numusi marang tataran kapribadene. Ananging ing wektu
iki kahanan lan langanggone basa Jawa ing jagading pasrawungan padinan
wus saya kasisih, kaesuk dening anane basa nasional apadene basa manca.
Kearifan Jawa bisa
ndadekake manungsa nduweni watak wicaksana, sopan, andap asor, ramah,
tepa slira, minangka manungsa kang nduweni watak utama. Sing dadi
undering perkara, ing wektu iki basa, sastra, apadene kabudayan Jawa wus
akeh ditinggalake dening para penyambung (generasi penerus) manungsa
Jawa. Akeh wong Jawakang wus ora mangerteni basa, sastra, apadene budaya
Jawa. Tundhone kaya dene ramalane Jangka Jayabaya ‘wong Jawa ilang
Jawane’ kang tegese ‘wong Jawa wus kelangan jatidhiri kapribaden
Jawa-ne. Kahanan ini cetha wela-wela ing kasunyataning urip padinan kang
pranyata akeh manungsa, kalebu manungsa Jawa, kang luwih seneng
ngatonake watak brangasan, mentingke butuhe dhewe, lan ora duwe isin.
Watak kaya ngono kuwi kanggone kapribaden Jawa banget nistha.
Ing jagading
sesrawungan kapribaden Jawa nengenake watak luwih mentingke lan ngajeni
liyan, ngasorake awake dhewe. Ing samubarang tindak tanduk kudu alus.
Ing samubarang pangucap kudu atul ngarah-arah. Kang kaya mengkono kuwi
pamrihe ora liya supaya nyenengake liyan kang asring katembungake
karyenak tyasing sesama. tyasing sesama, kang tundhone murih ing
pasrawungan lujmaku enak kepenak, ora ana sangga-runggi lan dredah
bengkenengan. Tembunge yen ana rembug dirembug. Kapribaden Jawa uga
nengenake tembung wirang-isin. Budaya isin neng kapribaden Jawa
dipadhakake karo rai. Kacihna, menawa ana pawongan kang kejodheran
nindakake pakaryan kang ngisin-isini diarani ora duwe rai utawa raine
arep didokok ngendi. Semono uga tumrap pawongan kang ora mraduli
nindakake pakaryan kang ngisin-isini diarani rai gedheg ateges ora duwe
isin. Budaya kaya ngono kuwi ing wektu iki wus ora dipaelu maneh.
Lumrahe wong saiki wis ora idhe pisin nindakake pakaryan apa wae, sing
baku pepenginane kaleksanan.
Kahanan kaya ngono
kuwi dumadi jalaran anggone marisake lan nandur basa, sastra lan budaya
Jawa pedhot neng tengah dalan. Piwulang luhur kang diwarisi saka para
leluhur ora genti diwarisake marang trah para penyambung. Werna-werna
kang njalari anane basa, sastra lan budaya Jawa saya ditinggal lan ora
dipaelu dening para penyambung. Jalarane antara liya amarga kurang
ditepungake, disrawungake, lan didunungake marang para penyambung menawa
basa, sastra lan budaya Jawa kuwi duwe pengaji pethingan (linuwih) kang
bisa gawe mongkog lan migunani tumrap penguripan. Ngenani kahanan kaya
mengkone iki akeh priyayi kang banjur nyalahake jagading pamulangan
formal (sekolahan) kanthi njaluk basa, sastra lan budaya Jawa dilebokake
kurikulum sekolah.
Marisake basa, sastra
lan budaya Jawa ora cukup ditindakake lewat sekolahan. Wektu sinaune
bocah neng sekolahan banget winates. Kangmangka sanggan kang kudu
disinau akeh banget. Iku durung sanggan rasa was sumelang amarga nasipe
gumantung wulangan kang di-UN-ke. Wulangan basa Jawa ing sekolahan
durung mesthi bisa nggepok sari-pathine kanggo nyithak kapribaden
kajawen. Apa maneh yen ndeleng materi wulangan basa Jawa kang akeh-akehe
mung asipat teoritis, kurang asipat praktis.
B. Marisake Bahasa, Sastra lan Budaya Jawa kanthi Dolanan Bocah
Panyerat, kanthi
pengalaman minongka peneliti lan pamomong sanggar seni tradisional,
sawise njinggleng lan migatekake, pranyata dolanan bocah bisa dadi
sarana kang maedahi kanggo marisake basa lan kapribaden Jawa. Mligine
dolanan bocah kang nganggo dikantheni tetembangan. Kanthi dolanan
sinambi tetembangan kang abasa Jawa, boicah kepeksa dadi kulina
nglapalke tembung-tembung Jawa. Apa maneh dolanan kang nganggo
dikantheni pacelathon, bisa ndadekake bocah kepeksa bisa mengerteni lan
ngetrapke unggah-ungguhing basa Jawa. Kayata, dolanan Bibi Tumbas Timun,
Soyang, Jaratu, lan liya-liyane.
Kejaba saka kuwi,
miturut andharane K.P.A. Koesoemadiningrat kang kaserat ing layang Serat
Rarywa Saraya (1913), pranyata tembang-tembang dolanan Jawa uga
ngandhut piwulang kang magepokan karo piwulang kapribaden. Gamblange,
tembang-tembang dolanan mono sejatine mujudake sarana kanggo nyithak
kapribaden luhur. Ananging kayadene kang wis kita mangerteni, leluhur
Jawa iku ora seneng blaka suta. Samubarang piwulang tansah sinandhi ing
sasmita, sinamun ing samudana. Mula kanggone kang limpat diarani cukat
tanggap ing sasmita. Mengkono uga dolanan bocah, pranyata uga mujudake
sarana pamulangan kapribaden Jawa kang sinandi. Dene bisane mangerteni
ancas lan karepe wulangan kapribaden kang kinandhut ing jagading dolanan
bocah kasebut kudu kanthi sarana ngonceki tegesing tembung-tembung kang
kinandhut ing tembang-tembang kang kanggo ngiringi patrape dolanan.
Miturut cathetan
adhedhasar buku-buku kuna, dolanan bocah (dolanan Jawa) apese ana 477
werna. Nanging, ing wektu iki akeh dolanan bocah kang wis ora
dimangerteni. K.P.A. Koesoemadiningrat, ing Serate kang sesirah Rarywa
Saraya (1913) dolanan bocah (dolanan Jawa) kacipta ora mung kanggo
sarana panglipur wuyung, iburan, apadene kanggo ngisi wektu lodhang.
Ananging luwih saka kuwi, dolanan bocah bisa dadi sarana lan wahana
kanggo nanemake piwulang-piwulang kang aji kanggo bocah, malah kepara
uga kanggo wong tuwa.
K.P.A.
Koesoemadiningrat ing Serat Rarywa Saraya kasil ngonceki 60 werna
dolanan bocah (dolana Jawa) kang ngandhut piwulang sindandi.
Dolanan-dolanan kasebut yaiku:
1. Dhempo Talutameng
2. Jamuran Gegethok
3. Tombaran Picek Jengkol Mekemekan
4. Luru-luru Widara
5. Jonjangkung
6. Manuk-manuk Dipanah
7. Bibibi Tumbas Timun
8. Ri-uri jang-anjang widadari
9. Banyon Mandi Mamahane Putra Wali
10. Trasi-trasi Dhele-dhele Trasi
11. Gula Ganthi Pantese Sinjang Loka
12. Jambe-jambe Thukul
13. Dhongdhongkir Kakrasana Ri Cumethi
14. Sobrah Ja Ngambah-ngambah Lemah
15. Kutu-kutu sinundukan
16. Jaratu-jaratu Silandana
17. Ni Thowok
18. Ilir-ilir Gunanthi
19. Ilir-ilir Tandure Wong Semilir
20. Jeruk Jingga Neblem
21. Cublak-cublak Suweng
22. Cublak Suweng Kenthung
23. Koning-koning Kawula
24. Jonjang Ther
25. Widara-widara Kayun
26. Jongjaling Si Jaling Sorote Kuning
27. Riyo-Riyo Bang Madeya
28. Sobloge Regeregan
29. Cempa Rowa Pakanamu Widara
30. Jangan Kare Rerere Sekaterema
31. Bung-bung Legi Dhendheng Age Kuwih Maha
32. Sulur Kangkung Enet
33. Prit-prit Aking Kandhang Jaro
34. Rembulan Gedhe Ana Santri Menek Jambe
35. Bulan-bulan Tan Kana
36. Sulur Kangkung Merambat ing Layar Cindhe
37. Cohung Ora Gombak Ora Kuncung
38. Tes-tes Lung Lincak-lincak Neng Delanggung
39. Sluku-sluku Bathok
40. Dolanan Ana Wewe Kadi Wetan
41. Yun-yun Bandul
42. Tikus Pithi Yayi
43. Kembang Pepe Pindha Loyang
44. Yuyu-yuyu Setumbu
45. Ce Cah Ladak Gunung Pace
46. Blarak-blarak Sempal
47. Pring-pring Sekodhi
48. Watu-watu Bunder
49. Jarase-jarase Kutha Wara
50. Kembang Kapas Roning Kamal
51. Cengkir Legi Digoreng Lenga Wangi
52. Beg-ebeg Duduh Tape
53. Rame-rame Ketelu Dhuwa
54. Jeruk Gulung Anom
55. Angkling Ketumbar Wulung
56. Jamur Cepaki
57. Anti Jogeda Selaning Danar
58. Garengpu le Adang Rung Tapung
60. Pendhisil Pandhita Leng-ulengan
61. Kowokan Ja Demak-demak Eko
C. Piwulang Sinandi kang kakandhut ing Dolanan Bocah
Ewa semono, ing
kalodhangan iki panyerat ora bakal njlentrehake sakabehing piwulang kang
kakandhut ing 60 werna dolanan mau. Minangka tuladha, ing kene
dakcuplikake 2 werna kang cetha gegayutane karo kupiya marisake basa lan
kapribaden kejawen, yaiku: dolanan Bibi Tumbas Timun, lan Uri-uri.
1. Dolanan Bibi Tumbas Timun:
Cakepan tembang Bibi Tumbas Timun
Bi-bibi tumbas timun, dhedhekane Mbok Bibi Tanureja
Murmeg murwa untune kena diprada lambene kena digrenda
Bibi-bibi tumbas timun, sigar mawon
Piwulang kang kakandhut ing dolanan Bibi Tumbas Timun bisa kadhudhah kanthi ngonceki cakepan tembange.
◊ tembung “bibi” minangka sebutan kanggo pawongan kang lujwih
tuwa.
◊ embung “tumbas” (tuku) mujudake kupiya kanggo ndarbeki
samubarang
◊ tembung “timun” minangka jarwa dhosok saka tembung “tinemumu”
(panemu).
◊ tembung “dhedhekane” ngandhut teges ‘sing diinceng/digegadhang’
◊ tembung “Mbok Bibi Tanureja” minangka saloka kanggo ‘wong tua
kang wis kasil ing uripe’ (tanu = kajen, reja = mulya). Sing
dikarepke ‘urip kasil’ ing kene ora ateges kasil ing babagan bandha
utawa kadonyan, ananging wong kang wis sempurna ing babagan
kerohanian.
◊ tembung “murmêg murwa” minangka ungkretan saka tembung “umure
wus tumeg” lan tembung “umure wus dawa”.
◊ tembung “untune kena diprada” mawa karep menawa apa wae kang
metu saka lisane ngandhut kaendahan/kabecikan.
◊ tembung “lambene kena digrenda” mawa karep menawa apa wae
kang kaucap saka lesane tansah alus, atul, ora nate ngucapake
tembung elek/kasar.
◊ tembung “Bi Bibi tumbas timun sigar mawon”, tembung “sigar”
tegese ‘mbedhah’. Ing kene kang dikarepake minangka saloka
‘mbedhah ilmu kang maune katutup rapet (sinengker) supaya
dibukak/dijlentrehake’.
tuwa.
◊ embung “tumbas” (tuku) mujudake kupiya kanggo ndarbeki
samubarang
◊ tembung “timun” minangka jarwa dhosok saka tembung “tinemumu”
(panemu).
◊ tembung “dhedhekane” ngandhut teges ‘sing diinceng/digegadhang’
◊ tembung “Mbok Bibi Tanureja” minangka saloka kanggo ‘wong tua
kang wis kasil ing uripe’ (tanu = kajen, reja = mulya). Sing
dikarepke ‘urip kasil’ ing kene ora ateges kasil ing babagan bandha
utawa kadonyan, ananging wong kang wis sempurna ing babagan
kerohanian.
◊ tembung “murmêg murwa” minangka ungkretan saka tembung “umure
wus tumeg” lan tembung “umure wus dawa”.
◊ tembung “untune kena diprada” mawa karep menawa apa wae kang
metu saka lisane ngandhut kaendahan/kabecikan.
◊ tembung “lambene kena digrenda” mawa karep menawa apa wae
kang kaucap saka lesane tansah alus, atul, ora nate ngucapake
tembung elek/kasar.
◊ tembung “Bi Bibi tumbas timun sigar mawon”, tembung “sigar”
tegese ‘mbedhah’. Ing kene kang dikarepake minangka saloka
‘mbedhah ilmu kang maune katutup rapet (sinengker) supaya
dibukak/dijlentrehake’.
Ing kene bisa
ditegesi menawa dolanan bocah “Bi Bibi Tumbas Timun” ngandhut piwulang
sinandi menawa wong enom (para penyambung) kudu ngulinakake sesrawungan
karo para sesepuh, saperlu nimba ilmu lan nulad apa kang wus
ditindakake. Kaya mengkono iku jalaran wong tuwa wus sugih pengalaman
ngenani kahananing urip lan wis nglakoni kanthi slamet, mligine kanggo
wong tuwa kang wus kasil lan tumanja ing uripe.
Ukuran wong tuwa kang
wus kasil lan tanja uripe ora mung kang wus tuwa umure utawa akeh
bandha donyane. Ananging kang dikarepake yaiku wong kang wus sampurna
ing babagan kawruh, ngelmu kepinteran apadene penggalihe. Priyayi kang
kaya mengkono iku bisa katitik saka pangandikane kang mentes lan
mumpangati sarta tindak danduke kang alus tulus tumusing batin.
2. Dolanan Uri-uri
Cakepan tembang uri-uri:
I Ri-uri, ri-uri, njang-anjang widadari
Cêlèrèt tiba nyamplung kêtundhung kêmbangé apa
II (milih kembang, upamane ‘kembang mawar’)
II (milih kembang, upamane ‘kembang mawar’)
Mbang mawar, mbang mawar Siti oleh wong cupar
Cupar-cupar cikbéna tunggane gajah bêlang, ali-ali mêmanikan
Thik-thik suruh sêcandhik gêdhé cilik padha mêthik
Kaya dene dolanan
Bibi Tumbas Timun, Piwulang kang kakandhut ing dolanan Uri-uri uga bisa
kadhudhah kanthi ngonceki cakepan tembange.
tembung uri-uri tegese ‘tembe mburi’
tembung njang-anjang tegesei rambatan utawa tuntunan
tembung widadari minangka saloka kang ngemu teges ‘kaendahan / kabecikan’
tembung celeret tegese cumlorote wahyu (ngelmu kang dfisinau)
tembung tiba nyamplung tegese rumasuk ing pikiran (nyamplung = sirah)
tembung ketundhung tegese ‘diwetokake’
-
tembung kembange apa mujudake pitakonan menawa asil pangolahing pikir
mau rikala diwetokake awujud pangucaping lesan apadene tindak tanduk
wujude kayangapa (becik apa ala)
tembung cupar nggambarake kahanane pawongan kang wujude ora sampurna (cacat)
tembung tunggangane gajah belang nggambarake menawa pawongan kang cacat mau pranyata ora sebaene (pinunjul)
tembung ali-ali memanikan tegese sugih
tembung suruh secandhik gedhe cilik padha methik tegese ‘akeh pigunane saingga akeh kang mbutuhake’.
Ing kene bisa
ditegesi menawa dolanan bocah “Uri-uri” ngandhut piwulang sinandi menawa
wong urip iku kudu tansah eling tembe mburi (uri-uri=mburi=tembe
mburi). Mula saka kuwi golek tuntunan/wulangan kang becik
(Anjang-anjang=tuntunan; widadari= lambang kasulistyan/kabecikan).
Patisarine wulangan utawa tuntunan bakal rumasuk marang pikiran kang
sawuse diolah (dipenggalih) asile bakal katitik saka tindak tanduk lan
pangujcape. Piwulang kang rumasuk ing pikiran bakal nemtokake
angen-angening pawongan mau. Piwulang kang becik bakal nukulake
angen-angen becik. Kosok baline, piwulang kang ala uga bakal nukulake
angen-angen ala. (celeret=kilat/wahyu; tiba nyamplung= mrasuk ing sirah;
ketundhhung kembange apa= metune dadi apa).
Kejaba saka kuwi
menawa mbiji uwong ora mung ndeleng wujud kang katon (wujud lair).
(Cupar cikbena = cacat badan ya ben). Sinajan cacat nanging pinunjul tur
sugih banda (tunggangane gajah belang = tumpakane gajah belang; ali-ali
memanikan= ali-aline tretes inten barlian). Pindhane godhong suruh,
sinajan katone ora pakra nanging akeh wong kang mbutuhake. (suruh
secandhik gedhe cilik padha methik).
D. Patraping Dolanan
1. Dolanan Bibi Tumbas Timun
Bocah siji utawa
luwih lungguh sila/timpuh (A). bocah-bocah liyane (B) ngadeg jejer-jejer
gandhengan tangan ing sangareping A, nembangke tembang Bibi Tumbas
Timun sinambi mlaku mincek-mincek maju mundur. Saenteking tembang
bocah-bocah mau pada lungguh jejer-jejer neng ngarepe A. Sabanjure padha
pacelathon:
B : thok...thok...thok... kula nuwun
A : nggih mangga... sampeyan sinten
B : Kengkenane mBok Danureja
A : Ajeng napa
B : Ajeng tumbas timun
A : O, timune lagi ditandur, kana muliha dhisik suk emben mrene maneh.
B : nggih
Boca-bocah rombongan B
mundur, terus mbaleni nembang Bibi Tumbas Timun lan mlaku mincek-mincek
mamju mundur maneh, kanthi patrap kaya sing wis. Saenteking tembang
banjur lungguh lan pacelathon kaya patrap kang uwis. Bedane ing babak
iki A mangsuli “O timune Lagi thukul”, babak ping telu wangsulane A “o
timune Lagi godhong siji dipangan sapi”; babak ping papat wangdulane “o
timune Lagi godhong loro dipangan kebo”; babak ping lima wangsulane A “o
timune lagi kembang dipari kombang”; babak ping nenem wangsulane A “O
timune lagi pentil wis padha prithil”; babak ping pitu wangsulane A “ya
saiki timune wis awoh, olehe akon tuku pira?”. Banjur B wangsulan ”sigar
mawon”. A banjur celathu “Ya kana goleka dhewe, ning ngati-ati, neng
alas akeh asune”.
Sauwise oleh
wangsulan kasebut bocah-bocah (B) tumindak kayadene lagi ngundhuh timun.
Banjur rombongan A ngoyak kanthi nyuwara njegog kaya dene asu.
2. Dolanan Uri-uri
Bocah-bocah lungguh
kupeng, tangane loro pisan diathungke mengarep kanthi ngepel lan jempol
ngadeg. Jempol tangan kiwa dibekem dening tangan tengen, dene jempol
tangan tengen dibekem dening tangan kiwane kancane. Sawise kabeh tangan
padha tekem-tekeman jempol, tangane banjur dimunggah-mudhunke sinambi
tetembangan mengkene: pong-pong bolong ndhog sapi pa ndhog kebo pecahan
ndhoge loro, pong-pong bolong ndhog kebo pa ndhog sapi pecaha ndhoge
siji. Saben tembang tekan tembung pecaha ndhoge loro utawa siji, kepelan
kang ana ngisor dhewe mbukak, banjur epek-epeke ditumpuk mengkurep. Yen
pecah loro epek-epek sing dibukak loro, yen pecah siji epek-epek sing
dibukak siji. Dene yen kepingin gelis tembange disalini pecaha ndhoge
kabeh. Dadi sanalika kabeh kepelan mbukak, epek-epeke ditukpuk dadi
siji.
Sabanjure, bocah kang
epek-epek ana ndhuwur dhewe dadi embok, driji panuding tangane tengen
nguyer-uyer gegere epek-epek kang ana ndhuwur dhewe sinambi nembang
Uri-uri. Sawise tembange tekan tembung kembang apa, bocah kang
epek-epeke diuri-uri nyebutake salah sawijining kembang. Saumpama bocah
mau jenenge Siti, dheweke milih kembang mawar, kanca-kancane mbacutake
anggone nembang mbang mawar-Siti oleh wong cupar. Saumpama bocah mau
jenenge Dewi, dheweke milih kembang pace, kanca-kancane mbacuteke
anggone nembang mbang pace-Dewi oleh wong pece. Saenteke tembang,
‘embok’ (kang nguri-uri) nakoni kang diuri-uri bolah apa edom?. Yen
bocah kang diuri-uri milih dom, geger epek-epek dijiwit cilik dening
embok, diunggahake banjur epek-epeke ditemplokke neng pundhak. Yen
epek-epek tangan tengen ditemplokke neng pundhak kiwa. Kosok baline, yen
epek-epek tangan kiwa ditemplokke neng undak tengen. Dene yen bocahe
milih bolah, anggone nemplekke epek-epek neng pundhak kanthi dicekeli
pucuk driji panunggule.
Sawise kabeh bocah
epek-epeke wis tumemplok neng pundhak, si ‘embok’ banjur ngandul
bocah-bocah mau sinambi tetembangan andul-andul susune mbok rara kidul
goblag-gablug tiba kasur utawa andul-andul susune mbok rara dengkek
oklak-aklek tiba mbethek. Yen tiba kasur bocah kasebut dindul-ndul
mengarep-memburi banjur diget digeret memburi, ditampani pangkone si
‘embok’. Dene yen tiba mbethek, bocah kasebut dindul-ndul
mengiwa-menengen banjur diget digeret mengiwa apa menengen nganti tiba
ngglethak. Yen rikala tiba kasebut cekelane epek-epek neng pundhak ora
ucul, bocah kasebut nggenteni dadi embok. Nanging yen ucul, tetep dadi
sing diuri-uri.
E. Larasing tembang
1. Tembang Bibi Tumbas Timun
Dolanan Bibi Tumbas Timun binarung swaraning tembang “Bibi Tumbas Timun” Laras Slendro Pt. 9:
I
1 1 1
2 I 2
3 2 1
I 1 . . 2
I 3 . 1
. I
Bi bi -
bi tum -
bas ti
- mun, dhè
- dhèk - a -
I
5 3 4 5
I 1
4 5 3
I 4 . 5
1 I 3 4 5
1 I
é mbok bi
- bi Ta– nu - rê
- ja
mur -
mêg mur -
I
4 4 5 1
I 3
4 5
4 I 4 4
5 1 I 3
4 5 4 I
wa, un - tu - né
kê-na di - pra
- da,lam-bé-né kê- na
di- grén
I
4 1 1 1
I 1
1 4
1 I 5 5
4 4 I 3 .
. 0 II
da, bi -
bi bi - bi
tum-bas ti - mun, si - gar ma
- won
2. Tembang Uri-uri
Dolanan Uri-uri binarung tembang “Uri-uri” laras pelog pathet 6:
?
2 2
3 4 ?
2 2
3 4 ?
2 2
5 1 ? 2
2 1 6 ?
Ri
u -
ri
ri u -
ri njang an – njang wi - da -
da - ri
?
6 6 6
6 ? 2
2 1 4 ?
3 4
6 4 ?
3 4 3 2 . ?
Ce - le - ret ti - ba nyam-plung ke - tun-dhung kem-bang - e a - pa
?
2 2 3 4 ?
2 2 3
4 ? 2
2 6 1
? 2 2
1 6 ?
Mbang ma -
war mbang ma-
war si -
ti o - leh wong cu - par
?
6 6 6
6 ? 2 2
1 4 ? 3
4 6 4
? 3 43
2 2 ?
Cu- par cu-
par cik - ben -a tung-gang – a - ne
ga - jah be -lang a-
?
3 4
6 4 ?
3 4 3 2 .
? 2 2
2 2 ? 6
2 1
1 ?
li a
- li me - ma - nik -
an thik thik
su-ruh se - can- dhik
ge-
?
6 2
1 1 ? 6
4 6 . ?
Tidak ada komentar:
Posting Komentar