Rabu, 04 Desember 2013

SESORAH


Sesorah utawa pidhato utawa tanggap wacana yakuwi njlentrehaké idhe utawa pokok pikiran kanthi wujud tembung- tembung kang diucapaké marang wong akéh. Tujuan lan isi tanggap wacana utawa pidhato iku werna- werna, ana kang tujuane kanggo menéhi hiburan, menéhi informasi, utawa ajak- ajak marang kang rungokaké supaya nindaki apa kang dikarepaké pemicara. Déné miturut kaanané, jinisé pidhato iku uga werna- werna, yakuwi: kaanan resmi, setengah resmi, ora resmi, lan sapanunggalané. Kepriyé carané pidhato kang apik lan kasil bakal dijlentrehaké ing kéné. Wektu Pidhato pemicara iku digatekaké déning kabéh kang rungokaké. Kabéh kang ana ing pemicara saka klambi, rambuté, tekan carané mlaku ing podium digatekaké déning pamirengé. Kepriyé carané ngadeg uga ora luput saka pengamatanné pemireng pidhato iku. Apa kang ora pas saka pemicara bisa dadi bahan panacad déning para pemireng. Panacad iku nyebabaké pidatoné ora kasil kanthi apik.
1. Carané Nganggo Klambi. Klambiné kudu resik, rapi, sopan, lan jumbuh kaliyan kaanané pemireng pidhato iku. Carané nganggo penganggon utawa klambi kudu bener., umpamane: peciné ora miring, dasiné anggoné nalekaké wis bener. Jinisé klambi uga kudu nyesuaiaké karo pemirengé, yén pemirengé nganggo jas pemicarané beciké uga nganggo jas, yén pemirenge nganggo hem lengen dawa becike pemicarane uga nganggo hem lengen dawa.
2. Carané Ngadeg ing Podium. Sadurungé diwènéhi wektu déning wong kang macakaké pranata adicara, beciké pemicara lungguh ana papan kang rada ndelik. Aja lungguh ana ngarepé pemireng, amarga penampilané mengko ora duwéni kejut. Anggoné mlaku anuju podium kudu kanthi lumrah, ora digawé- gawé. Sadurungé ngomong, ambegan lan nyawang kabéh para pamirengé kanthi sumringah. Anggoné ngadeg kanthi jejeg lan aja nyenderaké awak ing podium.
3. Carané Nggocèki Mikrofon. Mikrofon kang ana standaré ora perlu digocèki bola- bali amarga bisa muni lan brebegi. Déné mikrofon kang ora ana standaré digocèki kanthi lumrah baé. Aja dolanan kabel utawa nggaya kaya penyanyi ing panggung. Mikrofon karo lambé aja kecedaken utawa kadohan.
4. Carané Pidhato. Carané pidhato iku ana papat, yakuwi: maca naskah, ngapalaké, spontanitas, lan njlentrehaké utawa njabaraké kerangka pikiran.
Nulis Pidhato Babagan pidatho wis dipratelakaké secetha- cethané ing ngarep. Sadurungé gawé naskah utawa teks pidhato, amrih beciké gawé cengkorongané iku kaya ing ngisor iki.
  1. Uluk salam/ salam pembuka
  2. Purwaka basa: atur pakurmatan, atur puja- puji, atur panuwun
  3. Surasane basa/ isine pidhato
  4. Ringkesan isi pidhato
  5. Salam panutup

Wondene ancase wong sesorah yaiku :
  • atur pambagya
  • maringi informasi
  • atur pangajak
  • atur panglipur
  • paring panyaruwe
Wong sesorah kudu ngewekani bab-bab ing ngisor iki antarane yaiku :
  • basane kudu pas karo situasi lan kondisi acara
  • busanane kudu sopan lan empan papan
  • solah bawa kang mranani, mrebawani nanging aja digawe-gawe
Methode utawa teknike wong pidhato utawa sesorah ana :
  • methode maca teks
  • methode apalan
  • methode ekstemporan
  • methode impromptu
Wong sesorah kudu urut lan sistematis ,urutan-urutane sesorah kaya ing ngisor iki :
  • salam pambuka
  • atur pakurmatan
  • atur puji syukur marang Gusti Alloh
  • atur panuwun marang para tamu
  • surasa
  • pangarep-arep
  • atur pangapura
  • salam panutup
 Tuladha teks pidato


Sesorah wisudha kelas XII
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak saha Ibu dwija  ingkang satuhu kinurmatan, para rawuh ingkang sinuba ing karaharjan dalasan rayi kula kelas X saha XI saha kanca-kanca kelas XII ingkang kula tresnani.
 Puji syukur tansah konjuk wonten ngarsanipun dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan ingkang tanpa kendhat awujud kasarasan, rahmat saha hidayah dhumateng kula panjenengan sami. Pramila awit saking sih nugrahaning Gusti ingkang hakarya jagat kula panjenengan sami ing wekdal menika saged kempal saperlu hangrawuhi adicara ing kalenggahan menika kanthi wilujeng nir ing sambekala.
Kadang kula kelas X saha XI ingkang kula tresnani, sekedhap malih kula sakanca kelas XII badhe nilaraken pawiyatan ing SMA Buana menika. Awit saking menika mbok bilih sadangunipun kula sesrawungan kaliyan sedherek sedaya wonten kalepatan saha kekhilafan ingkang sengaja punapa boten kasengaja kula minangka sulihipun kanca-kanca nyuwun agunging pangapunten.
Wonten mriki kula paring pepeling dhateng rayi-rayi kula sedaya mugi – mugi sasampunipun kula sakanca medal saking pawiyatan mriki rayi kula kelas X saha XI  sageda dados siswa – siswi  ingkang tansah mbangun turut dhumateng Bapak saha Ibu dwija saha dados siswa ingkang pinter saha kreatif.
Rayi kula kelas X saha XI ingkang kula tresnani, kula tansah dedonga saha memuji mugi – mugi rayi kula ingkang taksih wonten ing pawiyatan mriki tansah pinaringan pangayomanipun Allah SWT saha semanten ugi kula nyuwun donga saha pangestu dhumateng para rayi kula mugi – mugi kula saged nglajengaken wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil, wondene ingkang badhe nyambut damel sageda tumunten pikantuk padamelan ingkang trep kaliyan ngelmi saha kesagedanipun piyambak – piyambak.
Wasana, semanten atur kula minangka sesulih saking kanca-kanca kelas XII sedaya,  mbok bilih anggen kula matur wonten kalepatan, kula tansah nyuwun samodra pangaksami.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar