Rabu, 04 Desember 2013

GEGURITAN


Geguritan yaiku wohing susastra kang basane cekak, mentes lan éndah. Geguritan asalé saka tembung  "gurit", kang ateges kidung  utawa tulisan kang awujud tatahan. Déné geguritan ing kéné, ateges rumpakan kidung kang mawa paugeran gumathok, yaiku:
  • Cacahing gatrané ora tartamtu, nanging apese 4 gatra.
  • Saben-saben sagatrané guruwilangan lan guru lagupadha waé, runtut mawa purwakanthi guru swara.
  • Lumrahe kabuka utawa kawiwitan srana ukara: "Sun anggegurit".
Geguritan iku kalebu puisi Jawa modhèrn, amarga ora kaiket ing aturan kayadéné tembang Geguritan bisa karipta amarga ana ilham utawa inspirasi (angen-angen). Geguritan mujudaké karya kang sipaté pribadi, mula geguritan panganggit siji lan sijiné béda-béda. Angen-angen kang ana sajroné pikirané pengarang banjur diolah supaya dadi geguritan kaya kang dikarepaké panganggit. Kanthi mengkono, geguritan iku basané katon éndah, bisa migunakaké purwakanthi, dwipurwa, seselan lan liya-liyané. Geguritan iku duwèni nilai- nilai utawa amanat kang bisa kapethik kanthi diparafrasakake dhisik. marafrasakake geguritan iku ateges nganalisis utawa ngudari ukara- ukara geguritan iku supaya maksudé bisa katangkep. Geguritan iku kawujud saka téma, pamilihane tembung uga nganggo sarana retorika lan majas. Sarana rétorika lan majas paédahé kanggo gawé geguritan iku éndah lan enak kawaca.


Minurut wujudé, kasusastran kuwi jinisé ana telu, yaiku prosa (gancaran), geguritan lan drama . Kang mbédakaké kateluné yaiku wujudé. Kasusatran prosa utawa gancaran awujud paragraf kasusastran geguritan kuwi awujud bait, lan kasusastra drama utawa sandiwara awujud dialog (pacelathon). Samenika wujud wohing kasusatran piisi warni-warni wujud dhapukanipun. Adhedasar dhapukanipun ukara lan pangrakiting tembung, warni-warni araning geguritan kados wonten ngandap menika:
1.     Syair kalih gatra sapadan aran gita dwigatra
2.     Syair  tigang gatra sapadan aran gita trigatra
3.     Syair sekawan gatra sapadan aran gita caturgatra
4.     Syair gangsal gatra sapadan aran gita pancagatra
5.     Syair enem gatra sapadan aran gita sadgatra
6.     Syair pitu gatra sapadan aran gita saptogatra
7.     Syair wolu gatra sapadan aran gita hastagatra
8.     Syair sanga gatra sapadan aran gita nawagatra
9.     Syair-syair dhapur sonata
10.  Syair bebas
JINISIPUN GEGURITAN
Geguritan jinisipun wonten kalih :
1. Geguritan gagrak lawas
Geguritan menika ngginakaken basa jawa kina lan kapérang wonten ing pupuh–pupuh tembang, kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Geguritan menika ugi kalebet golonganipun tembang utawi lelagon kang ngangge Purwakanti guru-swara.
Paugeranipun geguritan gagrak lawas ingkang sampurno inggih punika:
a.    Cacahipun gatra mboten ajeg, nanging lumrahipun sakedhikipun wonten sekawan gatra.
b.   Cacah wandanipun gatra satunggal lan satunggalipun tetep sami
c.    Dong-ding utawi guru lagunipun sedaya manggen wonten wekasipun gatra runtut inggih punika ngangge purwakanti guru swara.
d.   Sangajengipun ukara (gatra) ingkang kawiwitan ngangge bebuka “sun gegurit” nanging mboten ateges saben pada/bait wonten tembungipun “sun gegurit”. Tembungipun “sun gegurit” naming wonten nginggil piyambak.
Tuladha:
Sun gegurit,
Wateke wong kampung jati
Bekti marang yayah wibi
Setya marang sakeh janji
2. Geguritan gagrak anyar
Geguritan gagrag anyar ngginakakén basa Jawa jaman samenika lan dipunserat ngangge aksara latin, lan sampun ngginakakén kertas/ dluwang. Geguritan gagrag anyar mboten kapérang wonten ing pupuh–pupuh tembang lan mboten ngangge tembung “sun gegurit”, sampun mboten kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan, pramila jinising geguritan gagrag anyar menika saged dipunwastani puisi Jawa bebas.
Tuladha Geguritatan:
JAMAN KOMPUTER

jamane wis sarwa komputer
akeh wong padha keblinger
rodha becakmu tetep munyer
sarapan sega pecel

jamana wis sarwa mal plaza
uripmu panggah nguler kembang
gethuk tela pendhak rina

jamane wis sarwa supermarket
ing desamu pasar pendhak kliwon
dol tinuku nyang-nyangan kaya padudon
golek bati sarepis adus kringet

jamane wis sarwa satelit
pacul arit panggah nggegurit
nggo ngrabuki jagad alit
jamane wis sarwa edan
lanang ilang jalere
wadon ilang wanitane 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar