MODERENAKE
KESENIAN TRADISIONAL.
Ing jaman kang wis saya maju iki
akeh para muda kang wis ora kenal marang keseniane dhewe- dhewe. Akeh para muda kang ngarani menawa sinau keseniane
tradisional kuwi di anggep kuna. Para
muda malah luwih seneng sinau kesenian
kesenian saka luar negeri kayata akeh
sing pada seneng nyanyian nyanyian barat, tarian tarian barat, nganti alat
musik saka barat. Babagan kuwi mau sing miwiti ngopo kesenian indonesia di klem
karo negara liya. Sejatine sinau keseniane traisional dhewe kuwi ora rugi
amarga ing jaba kana akeh wong kang pengen nyinauni keseniane dhewe kayata
kesenian gamelan. Kesenian gamelan malah akeh disinauni karo negara liyan
kayata negara inggris. Ing negara inggris kesenian gamelan dianggep sarana
kanggo mujudke rasa kurmat marang indonesia.
Nadyan kesenian
tradisional wis pada di tinggalke nangging ora sitik para muda kang isih
nglestariake kasenian tradisional. Salah sijine yaiku mahasiswa basa jawa kang
ana ing Universitas Negeri Semarang
(Unnes). Kesenian tradisional kang di lestarikake yaiku kesenian jawa kayata
kesenian karawitan,kesenian ketoprakan, kesenian tari tradisional, lan sak
piturute.
Nadyan para muda ing
jaman sak iki luwih seneng karo kesenian liya. Kanggo ningkatake kasenengan
para muda karo kesenian tradisional pranyata angel, nangging ora ana salahe
menawa kesenian tradisional kuwi rada diowahi lan di gawe rada moderen nangging
ora ngubah jatidiri kesenian tradisional. Kuwi duweni tujuan supaya kesenian
tradisional iso di tampa para muda.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar