76.
|
Ngunjukake
puja lan puji marang Gusti lan matur nuwun marang sapa wae kang wis mbiyantu
lumakune adicara sinebut …
a.
Salam
Pambuka.
b.
Purwaka.
c.
Surasane
Basa.
d.
Dudutan.
e.
Wasana
Basa.
|
77.
|
Amarga tingkat
kacerdhasane saperangan wong mung bisa maca 125 tembung saben menite (kpm :
kata per menit). Umume wong maca iku luwih rendhet tinimbang padatan. Wong
diwasa ing Amerika sing durung enthuk gladhen maca cepet antara 200-350
tembung saben menit. Sawenehe wong ana sing luwih rendhet, yaiku 125-175
tembung saben menit. Semana uga wong diwasa ing Indonesia padha bae karo
wong-wong Amerika, yaiku 175-300 tembung saben menite. Ananging minggu bacute
munggah nganti 350-500 tembung saben menite kanthi pemahaman 70 persen saka
isining kang diwaca.
Wacan ing dhuwur
migunanake paragraf …
a.
Deduktif.
b.
Induktif.
c.
Ineraktif.
d.
Deduktif
– induktif.
e.
Induktif
– deduktif.
|
78.
|
Pira gunggunge tembung
sajroning wacan ing dhuwur ?
a.
84
tembung.
b.
85
tembung.
c.
86
tembung.
d.
87
tembung.
e.
88
tembung.
|
79.
|
Kanggo ngetung gunggunge
tembung sajroning wacan sing diwaca, etungen gunggunge tembung sajrone limang
larik dhisik, terus dipara lima, asile yaiku gunggung rata-rata tembung saben
larik saka wacan iku. Banjur etungen akehing larik sing kok waca, banjur
pingna karo rata-rata iku, asile arupa gunggunge tembung sing diwaca.
Tuladha : gunggung
tembung saben larik rata-rata : 11
gunggung larik sing
diwaca :
60
gunggung tembung sing
diwaca kabeh :
11 x 60 = 660 tembung.
Yen anggone maca iku
sajrone 2 menit 10 detik, ateges gunggung 130 detik. Mula anggonne maca
cepet, yaiku (660 tembung : 130 detik) x 60 = 304 tembung saben menit.
Coba etungen pira
gunggunge tembung sing diwaca cepet saben menit, menawa wektu sing
diperlokake kanggo maca 1 menit 20 detik lan gunggung larik sing diwaca 20
sarta gunggunge tembung sing diwaca
kabeh 400 tembung …
a.
108
tembung saben menit.
b.
106
tembung saben menit.
c.
104
tembung saben menit.
d.
102
tembung saben menit.
e.
100
tembung saben menit.
|
80.
|
Kepriye mungguh
urut-urutane sesorah kang bener iku ?
a.
Salam
pambuka, surasa basa, dudutan, purwaka, pangarep-arep, lan wasana basa.
b.
Salam
pambuka, purwaka, surasa basa, pangarep-arep, dudutan, lan wasana basa.
c.
Salam
pambuka, surasa basa, purwaka, dudutan, pangarep-arep, lan wasana basa.
d.
Salam
pambuka, purwaka, surasa basa, dudutan, pangarep-arep, lan wasana basa.
e.
Salam
pambuka, surasa basa, dudutan, pangarep-arep, wasana basa, lan purwaka.
|
81.
|
Para tamu kakung putri
ingkang satuhu luhuring budi. Saparipurnanipun upacara panggih punika badhe
kalajengaken upacara krobongan, antawisipun timbangan, tandur, kacar-kucur,
ngunjuk toya wening dalah dhahar kembul dulang-dinulang.
Katur dhumateng Ibu Anik
Asarawati kersaa hamratitisaken. Wekdal kula sumanggakaken. Nuwun.
Tuladha ing dhuwur
mratelakake ature Pambiwara nalika ngadani adicara …
a.
Panganten
panggih.
b.
Krobongan.
c.
Liru
Kalpika.
d.
Mapag
Besan.
e.
Sungkeman.
|
82.
|
?f/[mo[no [zGo[r= [t[mP.
Aksara Jawa ing dhuwur
wacane apa ?
a. Darmana goreng tempe.
b. Darmono goreng tempe.
c. Darmana goreng tahu.
d. Darmono goreng tahu.
e. Darmana goreng tahu
tempe.
|
83.
|
Aksara Jawa ing ngisor
iki sing wacane : Dudu sanak dudu
kadang, yen mati melu kelangan, yaiku …
a. ?fufu skkF|fu kf=, [ynMti [mtu [kl=zn\.
b. ?fufu snkF|fu ks=, [ynMti [mku [kl=zn\.
c. ?fufu snkF|fu kf=, [ynMti [mau [kk=zn\.
d. ?fufu snkF|fu kf=, [ynMli [mju [kl=zn\.
e. ?fufu snkF|fu kf=, [ynMti [mlu [kl=zn\.
|
84.
|
Ana semut manggon ing
pang kluwih. Wit kuwi dhoyong manglung ing sandhuwuring sendhang. Lagi
gegojegan karo kancane, semut mrucut anggone gondhelan, tiba kecemplung ing
sendhang. Rehne ora bisa nglangi, semut glagepan njaluk tulung.
Nalika semana ing wit
kluwih ana manuk krungu sambate semut. Manuk welas atine, kepingin tetulung.
Bareng mikir-mikir, nemu akal. Dheweke nucuk godhong kluwih salembar,
ditibakake ing sendhang, tumiba ing sandhing semut.
Saiba senenge semut
angel digambarake. Dheweke dicepaki tumpakan kaya prau, awujud godhong
kluwih. Ghodong kluwih minggir katut angin. Tekan pinggir semut mudhun saka
prau ghodong, banjur munggah mentas menyang dharatan, slamet, lan saras.
Bareng nyawang munggah, weruh manuk kang mentas mitulungi awake. Jroning
batin semut kepingin mbales kabecikan.
Ora let suwe ana lelakon
kang ngemar-ngemari. Manuk ing wit kluwih lagi enak-enak dhedhe, diindhik
dening grema. Semut weruh yen grema ngincer manuk kang mitulungi dheweke,
banjur niyat mitulungi. Semut tumuli gegancangan nggremet ing dlamakane,
grema krasa risi lan keri, ora kuwat ngampet. Sikile diobah-obahake, karepe
semute kareben ngalih, ora ngremeti sikile. Semut ora gelem lunga, malah
nyakot sikile grema. Bareg krasa dicakot semut, ora sranta grema
gedrug-gedrug ing lemah, lali yen pinuju ngincer arep mbedhil manuk. Manuk
krungu, kaget, lan weruh yen arep dibedhil, nuli mabur adoh parane.
Grema eling menawa lagi
ngincer manuk. Manuk wis kadhung mabur. Semut sing nggremet lan nyakot arep
dipithes … nanging wis mlayu mlebu leng.
Crita cekak ing dhuwur
klebu dongeng …
a.
Fabel.
b.
Legenda.
c.
Mithe.
d.
Gegedhug.
e.
Sage.
|
85.
|
Pokok underane prekara
sinebut …
a.
Tema.
b.
Konflik.
c.
Alur.
d.
Setting.
e.
Amanat.
|
86.
|
Apa amanat crita cekak
ing dhuwur ?
a.
Tulung-tinulungan.
b.
Mbales
kabejikan.
c.
Kepingin
tetulung
d.
a,
b lan c bener.
e.
a,
b lan c salah.
|
87.
|
Crita cekak ing dhuwur,
menawa kajumbuhake karo isine sila-sila Pancasila,
klebu sila kang kaping …
a.
1.
b.
2.
c.
3.
d.
4.
e.
5.
|
88.
|
Bima Suci
Prawitasari iku banyu
murni
Agawe jalma suci
bontosing gesang sejati
Sabdane Pandhita Durna
marang Bima
Ing guwaning alas Tikbrasara
E, kleru dudu, kulup
kang nyata
Ing telenging samudra
laya
Nanging tenane mung
sarta nglorobake
Mangka Bima diarah
patine
Iman pangandel njalari
kendel-kumendel
Iku kang nylametake
titah kang wekel
Sabda Ilahi iki yekti
numusi
Marma Bima ketemu Dewa
Ruci
Kunci pamore
kawula-Gusti
Tekad Sena kang tanggon
dadi Bima Suci
Tekad Sena wajib
tinuladha
Bima Suci wajib sira udi
Mring sanggya satriya
nusantara sejati
Kang mula nedya mbrasta
korupsi
Teroris lan kaculikan
warna-warni
Iku Bima Suci kang pinter
tumindak temen
Mumpung rembulane durung
surem
Jembar kalangane durung
nutup mingkem
Ayo jumangkah asangu
sungkem
Wacan ing dhuwur sinebut
…
a. Sengkalan. d. Panyandran.
b.
Geguritan. e. Paribasan.
c. Wangsalan.
|
89.
|
Geguritan utawa puisi
bebas mujudake perkembangan geguritan
(syair) kang purwakanthine (sajak) a-a-a-a. Nanging saiki tembung
geguritan iku wis owah tegese. Tembung geguritan
duwe teges puisi bebas. Mula saka
iku, kaendahane geguritan dumadi saka …
a.
Purwakanthi.
b.
Diksi.
c.
Sajak.
d.
Pilihane
tembung.
e.
a,
b, c, lan d bener kabeh.
|
90.
|
Tembung nglorobake, kang ana ing geguritan iku ngemu teges …
a.
Minterake.
b.
Mulyakake.
c.
Nyuwargakake.
d.
Nyengsarakake.
e.
Njlomprongake.
|
91.
|
Geguritan ing dhuwur
isih ana gandheng-cenenge karo kadadean ing Indonesia. Bima Suci pambrastha …
wajib dituladha ing jaman saiki. Isine ceceg-ceceg sing bener yaiku …
a.
Korupsi.
b.
Teroris.
c.
Kaculikan.
d.
Korupsi
lan teroris.
e.
Korupsi,
teroris, lan kaculikan warna-warni.
|
92.
|
Ing pada kaping telu
geguritan Bima Suci, cetha menawa pangriptane arep paring piwulang utawa
amanat : tekade Sena wajib dituladha
sapa bae. Bima Suci wajib dipersudi sok sapa bae murih bisa katekan kang
dadi panjangka.
Wektu iki apa kang dadi
panjangkane bangsa Indonesia ?
a.
Mbrastha
korupsi.
b.
Mbrastha
teroris.
c.
Mbrastha
kaculikan.
d.
Mbrastha
korupsi lan teroris.
e.
Mbrastha
korupsi, teroris, lan kaculikan warna-warni.
|
93.
|
Saka ngendi tuwuhing tekade Bima ?
a.
Banyu
murni Prawitasari.
b.
Sabdane
Pandhita Durna.
c.
Iman
pangandel.
d.
Sabda
Ilahi.
e.
Dewa
Ruci.
|
94.
|
Larahan
Wutah Rahe Luh
Tembung apa sing bisa takrakit
Angluh ruruh
Wis takketap luh iki
Larikan apa sing bisa taktata
Lawase papacintraka
Lan pangilon, mendahneya mrapat lan
burem
Rerangken apa sing bisa takpasrahake
Saben remukan ambeganku
Saben remegan kringetku
Saben gumeteran prasaku
Geguritan ing dhuwur duwe watak …
a.
Seneng.
b.
Susah.
c.
Lucu.
d.
Nelangsa.
e.
Sembrana.
|
95.
|
Geguritan ing dhuwur yen
kagatekake ora ana wewaton kang gumathok. Bakune pangripta bisa nulis
geguritan manut osiking rasa lan atine dhewe-dhewe. Lire ora ana wewaton bab
gunggunge pada, cacahing larik, dong-dinge swara, dawa cendhaking geguritan,
mangkono uga tat panulisane.
Menawa mengkono, apa
kang bisa kanggo wewaton anggone pangripta nulis geguritan ing dhuwur ?
a.
Anggone
nulis kudu awujud larik-larik.
b.
Pamilihe
tembung kang mentes lan trep.
c.
Pamilihe
tembung ngemu teges wantah lan ora wantah.
d.
Pamilihe
tembung-tembung kang ngemu surasa sastra, lelewaning basa, utawa
tembung-tembung kang nuwuhake kaendahan.
e.
a,
b, c , lan d bener kabeh.
|
96.
|
Konang metu sawise
srengenge angslup, duwe pangira yen mung dheweke dhewe kang bisa madhangi
jagad. Nanging sawise lintang-lintang abyor ing tawang, rasa kumingsune
konang mau banjur ilang. Saiki si lintang kang duwe panganggep dheweke kang
madhangi jagad. Ora let suwe rembulan ngatonake cahyane, dene
lintang-lintang dadi surem, ngrasa
isin ngegungake awake maneh. Wusanane rembulan kang ngrasa madhangi bumi,
nanging suwe-suwe ing awang-awang katon padhang, maweh tandha menawa
srengenge wis arep mlethek, lan rembulan katon pucet, embuh menyang ngendi
ilanging cahya kang gilang-gumilang iku.
Mangkono uga manungsa,
menawa duwe wewatekan kumingsun marga dene kasugihane, baguse utawa ayune,
lagi bisa mangerteni, marang pralambang kodrat (takdir) ing dhuwur, mula
sabanjure ora bakal wani ngambali angagungake awake dhewe, sebab bandha donya
iku ora bakal langgeng salawase.
Wacan ing dhuwur
sejatine nyritakake bab apa ?
a.
Konang.
b.
Lintang.
c.
Rembulan.
d.
Srengenge.
e.
Manungsa.
|
97.
|
Wong urip mono kaya
lakune rodha. Ana wektune mapan ana dhuwur, kala-kala ana ing ngisor. Yen
mlakune rodha banter, pindhahe ngisor lan dhuwur uga cepet. Semono uga uripe
manungsa, kadhangkala seneng, kadhangkala susah utawa sedhih.
Alure crita wacan ing
dhuwur yaiku …
a.
Alur
maju.
b.
Alur
mundur.
c.
Alur
campuran.
d.
Alur
maju-mundur.
e.
Alur
mundur-maju.
|
98.
|
Ing ngisor iki tinulis
sikep lan patrap kang kudu digatekake nalika sesorah (pidhato), kajaba …
a.
Ngadeg
jejeg kanthi kapitayan.
b.
Ulat
nyenengake.
c.
Wiramaning
swara kepenak dirungokake.
d.
Bisa
njumbuhake marang kahanan lan swasana.
e.
Swara
kudu sora supaya kabeh krungu.
|
99.
|
Swaraning pradangga
munya hangrangin, kadi asung pepuji mring pinanganten kekalih murih kang
kaesthi dadi, kang sinedya teka. Saya caket-saya caket anggenya sami
lumaksana, panganten kekalih sampun sami pagut tingal. Tempuking pandulu
catur netra mahanani rasa geter ing sanubari, manunggaling rasa tresna lan
asih sinurung kasmaran ing panggalih, marmane datan bisa cinitra ing ukara.
Panganten kakung putri tumunten sami balang-balangan gantal, ingkang dumadi
saking roning sedhah temu rose, kalinting tinangsulan lawe wenang. Gantal
kang kabalangaken penganten putri winastan gondhang kasih, wondene gantal
kang kabalangaken penganten kakung winastanan
gondhang tutur.
Prapteng papaning
panggih wus kacawisaken loro wening
munggwing bokor sinebaran puspa triwarna, sekar mawar, sekar melathi,
miwah sekar kanthil, ingkang mujudaken satunggaling sasmita menggahing
panganten sekaliyan ingkang sampun pinasthi jodho.
Awit saking kersaning
Gusti, lamun winawar ing tembung manis saking kedaling lathi, mahanani
kumanthil-kanthil blebesing ati.
Sesorah ing dhuwur,
biasane sapa kang ngaturake ?
a.
Paranpara..
b.
Pambiwara.
c.
Dhalang.
d.
Sinoman.
e.
Pangarsa.
|
100.
|
Gatekna geguritan ing ngisor iki !
Nyai ...
Ujare mbok bakul sinambiwara
Jengandika duwe aji pamungkas aran lebur sakethi
Ampuhe kagila-gila, sektine kepati-pati
Saiki ...
Coba sampeyan buktekna
Galo kae !
Langit sadhuwure negara katon malengkung
Cahya abang panjalmane dewa dur angkara
Kahanan peteng kapupus
pedhut sandyakala
Aja pijer memathut
dhiri, mingar-minger neng ngarep kaca
Banjur nglencer ing
omahe tangga ...
Geguritan ing dhuwur
nyaritakake bab apa ?
a.
Mbok bakul sinambiwara.
b.
Aji pamungkas aran lebur sakethi.
c.
Dewa dur angkara.
d.
Pedhut sandyakala.
e.
Nyai kang seneng memathut dhiri.
|
Budayaku, Budaya Jawa
Belajar dan Melestarikan Budaya Jawa
Senin, 13 Januari 2014
SOAL SOAL
Langganan:
Postingan (Atom)